TRÊNYUH ATI (Macapat Dhandhanggula)

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AjMHBRQ6M/

Rinênggå sêpi ing wêngi,

Sumilir angin ngrujit ati,

Kèlingan janji lumintu,

Sumunar pasuryanmu,

Nanging adõh katõn samar,

Kang tyas mung kari lårå,

Jêroning ati susah,

Nangis tan katõn êluh,

Lir têmbang alam impi,

Trênyuh ati, dudu pangangên-angên.


Tansah nyimpên ing råså,

Trêsnå tan biså ngucapnå,

Sa-kêdhèp ra ngilang sliramu,

Kåyå lintang ing langit,

Padhang nanging ora têkan,

Adõh nanging tansah katõn,

Bangêt trêsnå, ringkêl ati,

Yèn sliramu ora bali,

Ati iki mung kari,

Swårå têmbang kang ngrêrujit ati.


JM, anganggit råså, 12725

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 

sorogan : 

nuwun sewu bokbilih rakitanipun tebih saking paugeran rumusan Macapat Dhandhanggula (awit taksih gegladhen, cobi-cobi twin sinau ngrakit) ✌️✍


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN