SANG MILIUNER PUPUT UMUR KRANA TAWON CILIK (LEBAH)
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19XyimU4jV/
Sunjay Kapoor saka negeri India, ahli waris krajan peralatan otomotip India kang misuwur. Uripe dikupengi kamewahan sarwa wah, akses kesehatan, pangan sarwa wah, jet pribadi, klub olah raga misuwur lan sadheret kabegjane urip kadonyan liyane.
Salah siji kabegjan liyane yaiku Sunjay tau dadi bojone Karisma Kapoor, artis Bollywood kang kondhang banget, sulistya ing sarira.
Bandha, kakuwasan, wanita (3's Ta : harta, tahta, wanita) ndadekake uripe Sunjay Kapoor sarwa komplit ing donya.
Ananging..., đ€
kabeh mau ora bisa ngalangi sawijining titah cilik yaiku lebah đŠ njalari lumantare mungkasi uripe. đ
Kadadean critane kira-kira ringkese mangkene :
Sawijining dina, Sunjay Kapoor lagi main jinis olahraga Polo ing Guard Polo Club Inggris sawijining klub misuwur dhewe ing donya. Panggonan pakumpulane para bangsawan, para pengusaha sugih lan artis misuwur liyane.
Nalika sajroning patandhingan polo lagi lumaku, Sunjay ujug-ujug ujar, "Aku klelegen barang cilik!"
Kawitan pandugane dheweke ora njarag ngeleg lebah lan kaantup.
Jroning etungan 1-2 menit, Sunjay nggeblag ing lemah. Antup iku wus njalari dumadine alergi nemen kang mijile serangan jantung dadakan. Lan dening tim kesehatan katetepake tilar donya ing ngenggon kono uga. đđą
Amung etungan 1-2menit, urip sang miliuner tamat.
Donya kelangan sang miliuner dudu ing meja rapat, nanging ing Lapangan Polo.
Ngenese, pirang jam sadurunge, Sunjay kober ngunggah pocapan belasungkawa awit kacilakane Air India. Pirang jam candhake, donya ngabarake belasungkawa kanggo dheweke.
Kabeh wong kang ngenali mesthine padha kaget. Sunjay isih enom, sugih lan duwe panguwasa, njur dumadakan sawijining lebah mungkasi uripe.
Eliding pesen kacetha, puputing umur manungsa ora ngenteni rampunge olehe rapat, kematian angampiri ora kenal panggonan, sawayah-wayah bisa bae kadadean.
Apa nate kita ngrasakake lan mikir dielingake yen kematian teka ujug-ujug kaya mangkono iku?
Crita iki ora amung tumraping Sanjay Kapoor, nanging tumrap kita dene kita sering supe yen sejatine urip iki mung sedhela ya mung sawanci mampir ngombe bae.
Salam tentrem rahayu kang panangkaning saking Gusti Allah mugya kasarira mring kita sadaya.
Tansah pinayungan Sih Kadarmaning Gusti mring gesang kita sanggya umat kinasihipun.... Aa_aamin A__aamin đđ
JM, bangun enjing, 14725
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar