PASADULURAN PRASAJA MUJUDAKEN SEJATOSING KABINGAHAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1CQGxD8rFE/

Enjing punika langit sumunar, srengenge mlethèk saking brang wetan. Sumiliring bayu ngusap kulit, mbekta raos asrep lan tentrem. Joko, Danu, lan Wiro ingkang sami sekolah ing kitha kabupaten nembe preenan wangsul dhusunipun lan sampun sami kangsenan/janjian badhe pit-pitan sesarengan blusukan ngubengi sawah lan kampung.


Joko ngampiri griyanipun Danu, “Wis siap, Danu?” sapa aruhipun Joko kaliyan mesem.

Danu mangsuli, “Uwis! Ayo budhal, Wiro wis ngenteni ana pojok desa kaya biasane.”


Sasampunipun pinanggih, lare tiga nunten nyengklak pit gowes sareng. Marginipun sepen, namung kapireng swanten ocehanipun peksi lan swantenipun ban nyakruk kerikil. Kadhang sami gegujengan, sami nyanyi lon-lonan klawan sumringah ketingal semangat!


Dumugi ing pinggir lepen, sami mandheg sekedhap. Ing ngriku, angin langkung sumilir, toyanipun lepen mili bening, tetuwuhanan lan ron-ronan ijem sami goyang kadya jejogetan kesapu sumiliring bayu sajak mbagekaken. Saking katebihan ing pinggir lepen katon wonten lare jaler nembe mancing. Sareng sampun radi celak, jebulipun Karno kacanipun kang sekolahipun radi tebih ndherek paklikipun.

"Hae.., Karno piye kabarmu? suwe ra tau ngetok ya!", bengokipun Joko. 

"Iya! apik-apik wae!", wangsulanipun Karno klawan menyat ngadeg nyelaki kanca-kancanipun kaliyan nyalami. 


Rasane kaya bali cilik meneh ya!,” ujaripun Danu lirih.

Iya, ora ana sing luwih nyenengake ketimbang pit-pitan bareng kanca-kanca lawas,” sautipun Wiro.


Wekdal sangsaya siyang, senadyan hawanipun benter Joko sakanca nglajengaken madal pedhal gowes urut pinggir sawah. Ngancik wanci Luhur sami mantuk klayan manah bingah.

Cariosipun dinten punika badhe dados kenangan, amargi 

pasaduluran/pasadherekan kang prasaja punika mujudaken sejatosing kabingahan.


Pasaduluran nggadhahi pratelan ingkang jembar, boten amung sesambetan pasrawungan pribadi antawisipun ingkang nunggal tedhak turun kemawon, ananging langkung saking punika, 

PASADULURAN saged mratelakaken sesambetan raos pangraosing nala lan nunggal pamikiran antawis pribadi satunggal lan pribadi sanesipun salebeting sesarengan saiyeg saekapraya anggadhahi niyat kang sami/selaras (satu tujuan) kangge anggayuh punapa kang sinedya.

( sumangga kapriksanan ing

https://www.facebook.com/share/p/1Y1CvE2vid/ )


Salam tentrem rahayu kang tinemu

bagas saras kang linaras

bagya mulya kang pinanggya

Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, lingsir wetan, 10725

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN