KIDUNG PAMUJI GUSTI MA' AGUNG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15ddhTBAVe/
Gusti Allah Agung mulyå,
paring sih datan kêndhat,
gêsang kawulå binêrkahan,
tansah kasinungan sih rahmat.
Mbotên sirnå sing pangayõman,
katrêsnan langgêng salaminyå,
sêmbah sõkur kawulå unjukên,
saking salêbêting driyå,
matur nuwun Gusti Ma' Agung.
Nalikå ndalu pêtêng praptånyå,
pêpadhang saking Paduka, Gusti.
Nalikå sisah twin kuwur,
Gusti rawuh angayõmi.
Kêbak sih katrêsnan suci,
njangkungi sabên langkah kawulå,
puji sokur panuwun kawulå unjukakên,
Gusti tansah linangkung,
luhur sih rahmat tanpå upami.
Dhuh Gusti, panuntun gêsang kawulå,
mugi karså Padukå kababaraken,
kulå sumarah samudåyånipun,
ing astanipun Padukå.
Nadyan båjrå nggêgirisi,
iman dipunkiatakên,
puji sokur kaluhurakên,
Asmå Padukå wontêning kamulyan ing ngaluhur,
Gusti, kêparêngå tinampi kidung pamujan kawulå...Aa_aamin 🙏
JM, pajar sidik, 25725
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar