Postingan

KADURAKAN KANG NGAMBRA-AMBRA

    kaunggah uga ing    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02xa2hArqQbkLwDP7bazw3JFe7bhwfm9yKjjCCzcH9pky1MR6v5dTTa6c5GWwiM5yVl&id=100053518547586 Gambaran solah tingkah sandiwara urip ing tengahing masarakat wektu samengko iki kacetha anindhes, merjaya, memateni sapepadha, anggagahi sumber-sumber ekonomi temahan kemaruk nglumpukake bandha donya lan kakuwasaan. Malahan ora bisa kaweruhan sacara kasat mripat bisa-bisane saguh ngalahake sarta nerak paugeran ukum mawa kakuwasaan linuwih kanthi akarya tangan-tangan kakuwasaan kang mendah dhugdheng /kedhot gegaman kadya abdi dalem sawijining kraton /kekaisaran. Kasunyatan ing wektu iki uga ora adoh bedane. Donyane kaprajan dikebaki dening golongan-golongane panguwasa lelumban pangaruh sarta banget olehe gawe-gawe prakara mawa kakuwasaan dhuwit lan palungguhan kanthi dol-tinuku wewengan sawijining prakara lan palungguhan iku dhewe. Kang luwih mrihatinake, nalika katemtokake pepancasan paukuman ora kok kapo...

MARGINING GUSTI ELÕK DHEWE

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid035aj8RtYpL4v3uyaB9HSV2oBmbm1V5E8Qeq6K5TSBQm2fpbipvnCyiBZRCiCefFhKl&id=100053518547586 Margining Gusti elõk dhewe, nadyan nora dakuningå, kênåpå pacoban anrajang, manekå warnå anyobaku, mulå sumarah pasrah mring Gustiku. Margining Gusti elõk lan bêcik dhewe, nêdyå nityåså sumendhe, Gusti amêngkuku. Margining Gusti elõk dhewe, jroning rancangan-Ne, sumendhe Panjênêngane ing panuntun-Ne, pêtêng utåwå cêrah, panggah prakoså, wit pangaubaning Gusti, aku tan sumlang. Margining Gusti elõk lan bêcik dhewe, nêdyå nityåså sumendhe, Gusti amêngkuku. Margining Gusti dakarsaya, tansah amêngkuku, sumendhe Panjênêngane, ayêm têntrêm, tan ånå bêbåyå lan kasusahan, sumendhe Panjênêngane, mendah elõke. Margining Gusti elõk lan bêcik dhewe, nêdyå nityåså sumendhe, Gusti amêngkuku. JM, ahad esuk, 25922         ✍️  eNPe ✍️         [^__^]  [^__^] Jalan-Nya terindah, mes...

PIWELING PADHA, BEDA ASILE

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02LwE27VMnV7XvvSr9ZeA8NfND2t3T4yTSvL9t2Md4cdp2YaR1yeb8cCRJySHPy1Gbl&id=100053518547586 Ing sawijining dina welinge bapa menyang putrane kakang-adhi mangkene, "Elinga ya ngger bab rong prakara iki.., Sepisan, aja tau-taune/sepisana bae kowe nagih potanganmu. Kapindho, aja tau-taune/sepisana bae awakmu kena panase sorot srengenge sacara langsung!.." Limang taun sawuse sang bapa tilar donya / kapundhut dening Gusti, Nalika iku sang ibu tilik putrane mbarep, "Eee ngger.., kenapa kahanan daganganmu morat marit kaya mangkene?", pandangune ibu. Si putra mbarep mangsuli, "Kula ngestokaken dhawuhe bapa. Ngendikane bapa kula boten pareng nagih ampilan/petangan mring sinten kemawon, mila kathah petangan-petangan ingkang boten punbayar, dangu-dangu telas pawitan dagangan kula. Makaten ugi ngendikane bapa, kula ampun ngantos kenging bentering sorot srengenge sacara langsung, kamangka kula namung gadh...

WASPADA PAWARTA PALSU

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid07BLPdqy245cL6772GhjqqGcbr5XTBDNooN9dBktnNZ9DmdccskRmjxks3jEh1uYJl&id=100053518547586 Panyebutan lan pratelan bab sumber tulisan iku prelu lan penting banget. Saya maneh ing jaman samengko iki akeh ajakan-ajakan mencutake kang njalari bisa mblondrokake (sesat). Supaya yakin dene yen ana tulisan sing katampa iku bener anane, penting mangreteni sumbere. Nyumurupi minangka sumber pawarta mujudake bab sing prelu banget ana ing saben kahanan urip iki. Apa maneh, ing jaman saiki sawernane warta pating sliwer ing ratmaya jalaran kamajoning tehnologi informasi. Media massa, kalawarti, layang kabar, televisi lan media sosial padhadene lelumban anyebar pawarta. Sadhengah wong bisa dadi palakon andum warta hamung migunakake jempole. Racake pawarta kang semu lan mencutake kadyadene paribasane 'sadawa-dawane lurung isih dawa gurung' yaiku pawarta iku mesthi gampang sumebar (viral). Mula yen ora ngati-ati, sawiji...

LAGU-LAGU DOLANAN BOCAH -kumpulan-

    kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0LcYm5QinHocf8NVktTjwcWeyFywRFMZnyM17obz3Z7pkuWppy6aYnBohuco7CXjsl&id=100053518547586   1. *GUNDHUL GUNDHUL PACUL* Gundhul-gundhul pacul…cul gêmbèlèngan Nyunggi-nyunggi wakul…kul gêmbèlèngan Wakul ngglimpang sêgane dadi sak latar Wakul ngglimpang sêgane dadi sak latar 2. *SLUKU SLUKU BATHÕK* Sluku-sluku bathõk Bathõke ela-elo Si Råmå mênyang Solo Olèh-olèhe payung mutho Mak jênthit lolo lo bah Wõng mati ora obah Yèn obah mêdèni bocah Yèn urip golèka dhuwit 3. *PADHANG MBULAN* Yo pråkåncå dolanan nèng njåbå Padhang mbulan padhange kåyå rinå rêmbulane… ne Sing ngawe awe Ngelingake åjå pådhå turu sore 4. MÕNTÕR-MÕNTÕR CILIK Mõntõr mõntõr cilik Sing nunggang mblênêg Lungguh lênggat lênggut Ngantuk siat siut Jêgagik nèng têngah krêtêg Ånå grobak mandhêg Grobake isi babi Ambune ra pati wangi Pak sopir cungar cungir Babine njêdhar njêdhir Mõntõre têrus mlaku Babine muni sêru  Ngõk Grõ õk... Ngõk Grõ õ...

UPADOS ANGGAYUH SUKSES SASAMPUNIPUN PUNZOLIMI -sawijining pangalaman-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02LnNkdC7EaAhW43wSgNf5TbdoRsLde2XukjKaGrxbabRBpqedKiC1Ts3c3xZ1pDodl&id=100053518547586 Punapa panjenengan jengkel duka-duka menawi dipunsepelekaken, punzolimi, puncidrani? Kepengin males ukum ngantos marem? Sasampunipun lajeng pikantukipun punapa? BOTEN WONTEN!. Babarpisan boten wonten! Kita sejatosipun malah wurung migunakaken winenganing wekdal kangge anggayuh sukses klawan kasabaran mawi kasil langkung ageng ingkang datan kininten. Kadospundi nalaripun mawi kasabaran lan jiwa luhur? La inggih  , racakipun kita kadereng /kumedah enggal males samidene damel langkung nyerikaken saking jengkelipun... ananging tundhonipun dados memengsahan kadya lare alit jothakan datan kasabaran. Kita salebeting manah ngudaraos, "Apane sing luput? Iku rak hakku ta ya?" Pancen leres para kadang, punika hak kita kangge males. Ing ngriki boten ngrembag hak botenipun, ananging nedya angajak panjenengan lan kita sada...

GUSTI RATU MADYÅPÅDÅ -kidung pêpujian-

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02ebPiqHb2fTSykCY2bFGx8wFsY7UGxiwXrsmZgo3PiT6Mh27bAdiicfAYRACpopcxl&id=100053518547586 Tumrap bawånå kang asri lan gumêbyaring nabastålå tumrap asih dumunung jroning uriping madyåpådå konjuk sokur Gusti, Ratu madyåpådå sokur, puji lan aståwå! Tumrap nugråhå pêndhak esuk lan sore tumrap suryå, lintang abyõr, ardi lan ngare konjuk sokur Gusti, Ratu madyåpådå sokur, puji lan aståwå! Tumrap umat kang têguh ing dongå lan pakarti saindênging jagad bêkti asih mring Gusti konjuk sokur Gusti, Ratu madyåpådå sokur, puji lan aståwå! JM, bangun esuk, 12922           ✍️  eNPe ✍️        [^__^]  [^__^] TUHAN RAJA SEMESTA Atas bumi nan permai, atas langit nan cerah, Atas kasih tersemai dalam hidup semesta: Tuhan, Raja semesta, bagiMu syukur, syukur, puji dan sembah! Atas tiap kurnia pada pagi dan petang, Atas bukit dan lembah, surya bintang cemerlang: Tuhan, R...

O, ELÕK, TUMÊMÊN ELÕK -kidung pêpujian-

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid037FNN5K4FJYBMHZpM8vrfJBsa4FbqianejU5zYYg7PAho7oNg8paXDU6QMTfLkKCXl&id=100053518547586 Wayahing surup tumêmên elõk, plêthèking pajar ugå elõk, nanging elõk dhewe ing jroning atiku, ya, elõke Trêsna Asih Allah Gustiku. O, elõk, tumêmên elõk, oo.., têmên elõke, margå Gusti angasihiku. Gumantine mångså têmêmên elõk, ciptå-riptaNe samono ugå elõk, nanging elõk dhewe ing jroning atiku, ya, elõke Trêsna Asih Allah Gustiku. O, elõk, tumêmên elõk, oo.., têmên elõke, margå Gusti angasihiku. JM, bangun esuk, 10922         ✍️ eNPe ✍️          [^__^]  [^__^] O, AJAIB, SUNGGUH AJAIB Saatnya senja sungguh ajaiblah, fajarnya pun ajaib pula, namun yang terajaib di dalam hatiku, ialah ajaibnya kasih Allah. ref.: O, ajaib, sungguh ajaib, o, sungguh ajaiblah, kar'na Ia mengasihiku, o, ajaib, sungguh ajaib, O, sungguh ajaiblah, kar'na Ia mengasihiku. Musim berganti sung...

TULADHA TANDANG-TANDUK

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02XEvboh9cBTFTKE1YfXhvoD7EvzqLvyM5s1JPqX1fv56Gh3ToBrFBFShkCiBz8xXyl&id=100053518547586 Rikala alitan kula, kula nderek bapak ningali sirkus. Saderengipun mlebet, sampun limrah menawi kedah antre ing loket karcis. Antrean cekap panjang sanget, dene ing ngajeng antrean kula wonten sakulawarga nembe antre, bapak, ibu lan putra-putranipun 4 (sekawan) cacahipun. Lare sekawan ketingal bingah sanget sumringah. Nitik rasukanipun ketingal menawi saking brayat ingkang samadya kemawon sanes brayat mapan (sugih), rasukanipun limrah kemawon nadyan boten lethek. Dumugi giliranipun kedah bayar karcis, sang bapak ngrogoh kanthong clana, katingal mbingungi ngaten. Artanipun kados boten cekap kangge bayar 6 lembar karcis. Pramila ketingal sedhih lan memelas, lajeng enggal medal saking antrean. Bapak kula mirsani kahanan makaten, nuli enggal ngrogoh arta 50 ewu rupiyah lajeng pundhawahaken ing sisihipun si bapak putra...

SANITYÅSÅ DÈN SOKURI

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid034cFduHoR1j5nvQxwCrLpaHsrG2NqWjKpR7DxAHEY1RjMBnFNT3xzKpK2dXz3kQFal&id=100053518547586 Samångså lon-lonan ing ratan anapaki ngambah dawane aspalan råså puji lan sokur kõnjuk mring Pangeran. Maksih sinung karõsån madal pêdhal, nadyan klawan ngatag tênågå satêngahing ndêdêring dalan datan rinåså  hamung panuntun lan pangrêksane Gusti kang dèn ênêr biså sinêdyå. Klawan krênggõsan ing niswåså måwå sukå pirênå ing nålå awit asihe Gusti kêbak råså bagyå. Maksih sinung ing wêwêngan ulah sarirå murih lêstarine badan sêgêr bagas-prakoså kang sanityåså dèn sokuri lan aståwå. JM, witing wulan, 03922           ✍️ eNP ✍️          [^__^]  [^__^] Selagi pelan2 di jalanan menapaki panjangnya aspal rasa puji syukur kpd Tuhan. Masih diberikan kekuwatan nginjak pedal walau dengan penuh tenaga tak terasa di saat menanjaknya jalan hanyalah bimbingan dan pemeli...

PANDAKWA DANA UPASRAYA COVID-19 PUNCATHUT

    kaunggah ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02g6KK9cUvNY4XAhxJQ1NAt6mc7V8SXpYBBU4uFEpBRVpSTFncPTi256kZQiGTjeWkl/ Irah-irahan pawarta kasebat kadadosan sampun dangu ing taun 2021 kapengker. Kacariosaken ing pawarta, dene warga Kampung XXX , Dhusun XXXX, Kec Cixxxx, Cianjur, rame-rame sami nglapur dhateng pulisi, Kemis, 11-2-2021. Isi lapuranipun dene Kades kadakwa nyathut /nyuda dana upasraya (bantuan) Covid-19. Kirang langkung 170 KK panampi piguna upasraya Covid-19 damel lapuran dhateng Satreskrim Polres Cianjur. Tiyang-tiyang sami jengkel ulahipun Kades XXXX ingkang nyathut dana upasraya ingkang asalipun saking 'anggaran dana desa'. Pangakening para warga bilih saben wonten glontoran dana upasraya kasebat, jer tansah puncathut klawan nyuda jatahipun warga ingkang agengipun werni-werni wiwit Rp 100 ewu dumugi Rp1,2 yuta... (walah-walah.., tega-tegane si Kades gemblung iku!?). Alesanipun kangge administrasi lan pajeg. Panyathutanipun sampun ...

PITUTUR LUHUR ANGGITANIPUN NABI SULEMAN

 (kapêndhêt saking Amsal 10:2-10)       kaunggah ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0wfvLCmVwn2mjJj8ERoPmDcHmEujG7hVRyegkFzM2XdWSoXY6uGc8qmMV8cQWHK1pl/ Kasugihan asiling duråkå ora maedahi, nanging katêmênan ngêntas såkå pati. Gusti Allah ora negakake wõng mursid mati kalirên, nanging sing dipengini wõng ålå ora diparingake. Sing såpå nyambut-gawe ora cekat-cèkêt dadi mlarat, nanging tangane wõng srêgêp ndadèkake sugih. Sing såpå têtandho ing mångså panas kuwi wõng pintêr; nanging sing såpå pijêr turu bae ing mangsa panèn bakal kawirangan. Wõng bêcik bakal dibêrkahi, têmbunge wõng duråkå kuwi isi panganiåyå. Wõng bêcik tansah dieling-eling anggõne dadi lantarane bêrkah; nanging jênênge wõng duråkå bakal ora disêbut-sêbut. Wõng wicaksånå yèn dipituturi nurut; nanging têmbunge wõng gêmblung njalari rubuhe. Wõng sing jujur uripe ayêm, nanging wõng sing nylèwèng bakal konangan. Wõng sing ora blåkå kuwi gawe susah, nanging wõng sing ngandha...