WASPADA PAWARTA PALSU
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid07BLPdqy245cL6772GhjqqGcbr5XTBDNooN9dBktnNZ9DmdccskRmjxks3jEh1uYJl&id=100053518547586
Panyebutan lan pratelan bab sumber tulisan iku prelu lan penting banget. Saya maneh ing jaman samengko iki akeh ajakan-ajakan mencutake kang njalari bisa mblondrokake (sesat).
Supaya yakin dene yen ana tulisan sing katampa iku bener anane, penting mangreteni sumbere.
Nyumurupi minangka sumber pawarta mujudake bab sing prelu banget ana ing saben kahanan urip iki. Apa maneh, ing jaman saiki sawernane warta pating sliwer ing ratmaya jalaran kamajoning tehnologi informasi. Media massa, kalawarti, layang kabar, televisi lan media sosial padhadene lelumban anyebar pawarta. Sadhengah wong bisa dadi palakon andum warta hamung migunakake jempole. Racake pawarta kang semu lan mencutake kadyadene paribasane 'sadawa-dawane lurung isih dawa gurung' yaiku pawarta iku mesthi gampang sumebar (viral).
Mula yen ora ngati-ati, sawijining pawarta kang kita tampa lan sebarake sejatine ora bener, bisa-bisa kita kadakwa anyebar pawarta palsu (hoak). Kadya mangkono wusanane kita bisa ketaman paukuman nerak paugeran ITE (Informasi Tehnoogi Elektronik).
Ayo para kadang, kita supaya bener-bener ora dadi uwong kang gampang pracaya, kudu waspada. Kasaringa, katitia sarta tansaha mbaleni niti priksa sumber pawarta mau, supaya tinebihna saka pawarta palsu (hoak).
Landhesaning urip wong kang nduweni iman kapracayan yaiku kabeneran utawa kayekten. Mulane urip pendhak dinane kita kudu tansah nelakake kayekten apa iku kayekten kadonyan luwih-luwih kayektene kang mijil saka pepakon-pepakone Gusti Allah.
Sumangga.., mugi pinanggih sarwa rahayu lan kabagyan.., Gusti amberkahi.... Amin Amin đđ
JM, ngahad enjing, 18922
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar