KADURAKAN KANG NGAMBRA-AMBRA

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02xa2hArqQbkLwDP7bazw3JFe7bhwfm9yKjjCCzcH9pky1MR6v5dTTa6c5GWwiM5yVl&id=100053518547586


Gambaran solah tingkah sandiwara urip ing tengahing masarakat wektu samengko iki kacetha anindhes, merjaya, memateni sapepadha, anggagahi sumber-sumber ekonomi temahan kemaruk nglumpukake bandha donya lan kakuwasaan. Malahan ora bisa kaweruhan sacara kasat mripat bisa-bisane saguh ngalahake sarta nerak paugeran ukum mawa kakuwasaan linuwih kanthi akarya tangan-tangan kakuwasaan kang mendah dhugdheng /kedhot gegaman kadya abdi dalem sawijining kraton /kekaisaran.


Kasunyatan ing wektu iki uga ora adoh bedane. Donyane kaprajan dikebaki dening golongan-golongane panguwasa lelumban pangaruh sarta banget olehe gawe-gawe prakara mawa kakuwasaan dhuwit lan palungguhan kanthi dol-tinuku wewengan sawijining prakara lan palungguhan iku dhewe. Kang luwih mrihatinake, nalika katemtokake pepancasan paukuman ora kok kapok / mratobat nanging tetep bae nyrekal ora trima. Manungsa minangka umate Gusti kang setya apa saguh dadi senapati ing ngalaga nglawan kadurakan iki?


Gusti ora sare ngawikani ngambra-ambrane kadurakan, kadursilan ing ngalam donya, senadyan asring katone maha digdaya lan ora kaasorake. Paukuman minangka bebendune Gusti mujudake pangadilanne Gusti Kang Ma' Adil tumrap kanyataning uriping manungsa kang sangsaya ruwet lan mblasar.


Kita pracaya lan yakin, dene amung Gusti Allah Kang Maha Kawasa. Ngadhepi kasunyatan ing ngalam donya iki kita tetep nyadhong pangarepan mring Panjenengane.

Sumangga đŸ€·‍♂️... Mugi Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏


JM, madya raina, 28922

          ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]   [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN