UPADOS ANGGAYUH SUKSES SASAMPUNIPUN PUNZOLIMI -sawijining pangalaman-
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02LnNkdC7EaAhW43wSgNf5TbdoRsLde2XukjKaGrxbabRBpqedKiC1Ts3c3xZ1pDodl&id=100053518547586
Punapa panjenengan jengkel duka-duka menawi dipunsepelekaken, punzolimi, puncidrani? Kepengin males ukum ngantos marem? Sasampunipun lajeng pikantukipun punapa? BOTEN WONTEN!. Babarpisan boten wonten! Kita sejatosipun malah wurung migunakaken winenganing wekdal kangge anggayuh sukses klawan kasabaran mawi kasil langkung ageng ingkang datan kininten. Kadospundi nalaripun mawi kasabaran lan jiwa luhur?
La inggih , racakipun kita kadereng /kumedah enggal males samidene damel langkung nyerikaken saking jengkelipun... ananging tundhonipun dados memengsahan kadya lare alit jothakan datan kasabaran. Kita salebeting manah ngudaraos, "Apane sing luput? Iku rak hakku ta ya?"
Pancen leres para kadang, punika hak kita kangge males. Ing ngriki boten ngrembag hak botenipun, ananging nedya angajak panjenengan lan kita sadaya ngrembag salah satunggaling kunci sukses lumantar korining kasabaran, jiwa luhur ing budi srana kabuka /winenga ing jembaring pangapunten.
Pangalaman gesang kula pribadi (saking panulis aslinipun) kathah nyinaoni saking carios-carios sukses awit saking sanget titi amatrapi ing sabar nalika puncidrani, punkiyanati, punzalimi, punsepelekaken lsp lsp. Kula sinau saking piyayi-piyayi luhung ingkang anggadhahi bebuden luhur. Sadaya anggadhahi jiwa kasabaran ingkang ngedab-edabi.
NEDYA NYINGKIRAKEN MALAH SUMINGKIR PIYAMBAK
Makaten kinten-kinten ukara kangge nggambaraken tuladha kadadosan ing seratan punika!
Sawijining wekdal, kula wungsal-wangsul pungathaki, puncidrani dening salah satunggaling Direktur Keuangan ing kantor kanthi njarag supados kula boten betah lan mundur saking padamelan. Piyambakipun menawi kepanggih kula tansah mlengos, kula pundamel suker, ananging boten kula preduli. Kula tetep ngayahi padamelan kula sasae-saenipun, tetep ngaruh-aruhi kanthi sopan kadosdene boten wonten prakawis ingkang wigatos. Kula yakin pratingkahipun punika badhe njlomprongaken kalepatan ingkang langkung lebet/ageng, kalepatan ingkang boten saged tinampi nalar, laa dalaah... rak estu kabukten...!!
Sasampunipun kirang langkung satunggal taun piyambakipun nggathaki, nguriki, nyidrani kula, dumadakan kapireng kabar lamun piyambakipun kasandhung prakawis. Kaleresan kemawon dening pucuk pimpinan kula tinanggenah kajibah madosi panyebabipun (mengusut Ind.).
La nggih sampun, datan saged punselaki wusananipun lengser kalenggahanipun minangka Direktur Keuangan. Piyambakipun ingkang suwaunipun dados anak emas pucuk pimpinan estunipun punlengseraken kanthi boten kajen (tidak dengan hormat), taksih mendhing boten punpecat.
Kula kaindhakaken pangkat ingkang suwaunipun nedya siningkiraken!.
Wiwit punika piyambakipun nylondhohi /anyaeni kula, kamangka kula tetep kados wekdal-wekdal saderengipun tansah ngaruh-aruhi kanthi sopan kadosdene boten wonten prakawis punapa-punapa ing antawis kula lan piyambakipun.
Makaten kinten-kinten saperangan ingkang kadudud saking sumber seratan aslinipun ing cantholan ratmaya kasebat ing ngandhap punika...
JM, lingsir dalu, 16922
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
sumber : ⤵️
(kepada pemilik tulisan ini, mohon ijin share untuk menuliskannya dlm bahasa Jawa đ)
KIAT MERAIH SUKSES SETELAH DIZALIMI, sebuah pengalaman
Apakah anda marah bila dikerjain? Ingin balas dendam? Mau menghukum sepuasnya? Setelah itu, apa hasilnya untuk Anda? TIDAK ADA! Sama sekali tidak ada! Anda telah gagal memanfaatkan peluang untuk meraih sukses dengan kesabaran. Bisa jadi suatu sukses besar yang tak disangka-sangka.
Dengan kesabaran dan Jiwa Besar.
Tapi kebanyakan dari kita terdorong untuk segera membalas, untuk saling menyakiti… yang akhirnya berbuntut permusuhan. Seperti anak kecil tanpa kesabaran. Anda akan bersikeras, “Apanya yang salah? Itu kan hak saya.”
Betul kawan, itu hak Anda untuk membalas. Tapi bukan topik pembalasan dan hak balas menghukum yang sedang kita diskusikan di sini. Saya ajak Anda semua bicara tentang salah satu kunci sukses melalui pintu-pintu kesabaran, jiwa besar, dan memaafkan. Pengalaman hidup saya pribadi banyak belajar dari kisah-kisah sukses dengan mengembangkan sikap sabar ketika dikerjain, dizalimi, dikhianati, dll. Saya belajar dari orang-orang besar yang semuanya punya jiwa besar. Semuanya punya kesabaran yang sangat besar.
Mau Nyingkirin Orang Malah Tersingkir Sendiri
Suatu saat saya berkali-kali dikerjain oleh salah satu Direktur Keuangan di kantor yang sengaja bikin saya tidak betah agar saya mengundurkan diri. Dia selalu melengos kalo melihat saya. Saya dibuatnya resah, tapi saya tidak peduli. Saya tetap bekerja dengan sebaik-baiknya, menyapanya dengan sopan seolah tidak ada masalah. Saya yakin ulahnya itu akan mendorongnya untuk melakukan kesalahan lebih besar. Suatu kesalahan yang fatal. Dan hal itu terbukti.
Setelah satu tahun kenyang ngerjain saya, tiba-tiba dia tersandung kasus. Kebetulan saya ditugasi big boss untuk mengusut. Habislah karier dia karena hasil pengusutan saya tak bisa dia pungkiri. Dia yang tadinya jadi anak emas big boss akhirnya disingkirkan dengan kurang terhormat. Saya dapat promosi jabatan, Justru setelah dikerjain supaya tersingkir. Sejak itu dia berusaha baikan dengan saya, padahal saya tetap seperti kemarin-kemarin: selalu menyapa dan beri hormat sepantasnya seolah kami tak pernah ada masalah.
Komentar
Posting Komentar