PIWELING PADHA, BEDA ASILE

   kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02LwE27VMnV7XvvSr9ZeA8NfND2t3T4yTSvL9t2Md4cdp2YaR1yeb8cCRJySHPy1Gbl&id=100053518547586


Ing sawijining dina welinge bapa menyang putrane kakang-adhi mangkene, "Elinga ya ngger bab rong prakara iki.., Sepisan, aja tau-taune/sepisana bae kowe nagih potanganmu. Kapindho, aja tau-taune/sepisana bae awakmu kena panase sorot srengenge sacara langsung!.."


Limang taun sawuse sang bapa tilar donya / kapundhut dening Gusti,

Nalika iku sang ibu tilik putrane mbarep, "Eee ngger.., kenapa kahanan daganganmu morat marit kaya mangkene?", pandangune ibu.


Si putra mbarep mangsuli, "Kula ngestokaken dhawuhe bapa. Ngendikane bapa kula boten pareng nagih ampilan/petangan mring sinten kemawon, mila kathah petangan-petangan ingkang boten punbayar, dangu-dangu telas pawitan dagangan kula. Makaten ugi ngendikane bapa, kula ampun ngantos kenging bentering sorot srengenge sacara langsung, kamangka kula namung gadhah pit montor mila kula bidhal-mantuk toko nunggang taksi." đŸ™…â€â™‚ïžđŸ€Š

Sang ibu mireng mung mendel bae.


Ing sawijining wektu, gilirane sang ibu nindaki saprelu tilik putrane wuragil.

"Eee ngger.., uripmu mendah begja ora kaya kakangmu, apa sing dadi andelanmu?"


Atur wangsulane si wuragil, "Kados ingkang punngendikakaken bapa, Sepisan, kula boten pareng nagih petangan mring sinten kemawon, mila kula boten nate nyukani utang dhateng sinten kemawon, nanging kula tansah nyukani sedhekah mila pawitan kula adamel berkah. Kaping kalihipun, kula ampun ngantos kenging bentering sorot srengenge sacara langsung, kamangka kula namung gadhah pit montor, mila kula tansah bidhal enjing-enjing saderengipun pletheking sregenge, makaten ugi mantuk dalu sasampunipun angsluping srengenge, tundhonipun para langganan toko kula ngertosipun toko bikak langkung enjing /risik lan tutup langkung dalu /dangu." 👍


Mangkene werdine,

Sawijine piweling sing padha, nanging beda olehe negesi /nepsirke, beda uga asile. Ngemu pituduh kang luwih jero manungsa sajroning ngadhepi sawijining prakara prayoga luwih ngati-ati, aja grusa-grusu supaya asile ora gawe kapitunan kanggo awake dhewe lan wong liya.


Sumangga 👍 Salam rahayu đŸ€ Gusti amberkahi... Amin 🙏


JM, bangun esuk, 22922

           âœ eNPe ✍

           [^__^] [^__^]


Dalam bahasa Indonesianya demikian :

Seorang ayah berpesan pada kedua anaknya,

"Ingat akan dua hal ini ya..... Pertama, jangan pernah kamu menagih piutang. Kedua, jangan pernah tubuhmu terkena terik matahari secara langsung".


5 tahun berlalu setelah sang ayah meninggal, sang ibu datang menengok anak sulungnya.

“Wahai anak sulungku kenapa kondisi bisnismu demikian ?” tanya si ibu.

Si Sulung menjawab : 

“Saya mengikuti pesan ayah bu. Ayah bilang, saya dilarang menagih piutang kepada siapapun sehingga banyak piutang yang tidak dibayar dan lama-lama habislah modal saya.

Terus ayah melarang saya terkena sinar matahari secara langsung. Sementara saya hanya punya sepeda motor, itulah sebabnya pergi dan pulang dari toko saya selalu naik taksi"

Sang ibu terdiam.


Suatu saat sang ibu giliran mengunjungi ke tempat si bungsu.

Sang ibu pun bertanya : “Wahai anak bungsuku, hidupmu sedemikian beruntung, apa rahasianya ?”


Si bungsu menjawab : 

“Ini karena saya mengikuti pesan ayah bu. Pesan yang pertama, saya dilarang menagih piutang kepada siapapun. Oleh karena itu saya tidak pernah memberikan hutang kepada siapapun tetapi saya beri sedekah sehingga modal saya menjadi berkah. Pesan kedua, saya dilarang terkena sinar matahari secara langsung, karena saya hanya punya motor, saya selalu berangkat sebelum matahari terbit dan pulang setelah matahari terbenam, sehingga para pelanggan tahu toko saya buka lebih pagi dan tutup hampir malam”.


ltulah suatu pesan yang ditafsirkan berbeda, maka hasilnya pun berbeda. Lebih lanjut dlmaknai lelbih mendalam manusia dalam menhadapi suatu masalah hendaknya lebih hatiÂČ, jangan gegabah agar tidak merugikan diri sendiri maupun orang lain.


Selamat pagi Selamat berkarya!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN