PITUTUR LUHUR ANGGITANIPUN NABI SULEMAN

 (kapêndhêt saking Amsal 10:2-10)

      kaunggah ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0wfvLCmVwn2mjJj8ERoPmDcHmEujG7hVRyegkFzM2XdWSoXY6uGc8qmMV8cQWHK1pl/


Kasugihan asiling duråkå ora maedahi, nanging katêmênan ngêntas såkå pati.

Gusti Allah ora negakake wõng mursid mati kalirên, nanging sing dipengini wõng ålå ora diparingake.


Sing såpå nyambut-gawe ora cekat-cèkêt dadi mlarat, nanging tangane wõng srêgêp ndadèkake sugih.

Sing såpå têtandho ing mångså panas kuwi wõng pintêr; nanging sing såpå pijêr turu bae ing mangsa panèn bakal kawirangan.


Wõng bêcik bakal dibêrkahi, têmbunge wõng duråkå kuwi isi panganiåyå.

Wõng bêcik tansah dieling-eling anggõne dadi lantarane bêrkah; nanging jênênge wõng duråkå bakal ora disêbut-sêbut.


Wõng wicaksånå yèn dipituturi nurut; nanging têmbunge wõng gêmblung njalari rubuhe.

Wõng sing jujur uripe ayêm, nanging wõng sing nylèwèng bakal konangan.

Wõng sing ora blåkå kuwi gawe susah, nanging wõng sing ngandhakaké sabênêre kuwi nêkakake katêntrêman.


JM, ahad enjing, 28822

       ✍️ eNPe ✍️

      [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN