SINAU PREDULI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0Qivyg3YhDko9MmcYkyBx79GAz9Psu7ki3hWYVZt3FTCQVPH2w49mcuKurzBQcJyPl/


Minangka umat sosial kita nalika ngadhepi werna-werna kabutuhan urip bisa uga ngalami tanpa daya, nglokro sarwa kekurangan. Akeh wong kang tanpa daya butuh pitulungan saka wong liyane kanggo nyukupi kabutuhan uripe utawa kanggo ngatasi reridhu /karibedan kang lagi diadhepi. Prayogane, minangka umat sosial, kita sing luwih rosa, wajib biyantu mring wong sing tanpa daya. Aja mung meneng bae, kamangka ing sakiwa tengen akeh para mitra kadang kita kang butuhake pitulungan kita.


Ing wektu iki, akeh para 'tokoh' parte padha rebutan kanggo nggayuh kalenggahan dhuwur, padhadene sikut-sikutan nedya anggayuh pepenginan semu lan sawetara.

Akeh wong-wong kang ora preduli mring sasama. Rasa preduli suwening-suwe luntur lan pasulayan asring kedadean uga.

Akeh wong sing ora bisa urip rukun. Akeh wong kang ora duwe rasa mitulungi mring sapepadhane.


Senadyan kabecikan kita kadhang ora diajeni malah disepelekake dening liyan. Ananging Gusti ngersakake kita tetep preduli. Amung awit keparenge Gusti minangka sumber pangarepan, nandukake mring kita kanthi sarwa sukarena lan karahayon, sinung yekti mring kita kasantosan murih bisaa tansah setya ngudidaya tumindak kabecikan mring sapepadha. 


Ayo kita sinau preduli sajroning pasrawungan...,


Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane,

lila lan legawa kanggo mulyaning nagara. 

Siji.. (loro), telu.. (papat) … maju papat papat. 

Diulang-ulungake mesthi enggal rampunge,

ambangun praja tuwin kanggo mulyaning nagara. 


JM, gagat bangun, 07822

           eNPe


   Jarwane ing basa Indonesia kira-kira :

Sebagai mahluk sosial kita semua punya kelemahan. Banyak orang yang lemah butuh pertolongan dari orang lain dalam memenuhi kebutuhan hidup mereka atau untuk mengatasi persoalan yang mereka hadapi. Diingatkan pula, sebagai mahluk sosial kita yang kuat, wajib menanggung kelemahan orang yang tidak kuat. Janganlah kita berdiam diri, sementara di sekitar kita ada orang yang membutuhkan uluran tangan kita.


Saat ini, manusia berlomba-lomba untuk mencapai posisi tinggi, saling sikut demi mencapai keinginannya yang fana. 

Banyak orang tidak lagi peka terhadap sesama. Rasa peduli perlahan pudar dan pertengkaran sering terjadi. 

Banyak orang tidak dapat hidup rukun. Banyak orang enggan membantu sesamanya.


Meski kebaikan kita tidak dihargai dan sering disalah artikan. Allah menghendaki kita tetap peduli. Kiranya Allah sumber pengharapan memenuhi kita semua dengan segala sukacita dan damai sejahtera, memberikan kepada kita kekuatan untuk saling bertekun dan berlomba-lomba untuk berbuat baik. Mari kita belajar peduli dan tetap setia selalu berbuat kebaikan yg bermanfaat bagi orang banyak.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN