AJINING DHIRI DUMUNUNG ANA ING LATHI
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0dfm5U7vLGxLtg1hHcGvqSwLNFK2Ly1BmPYZ2tjH8DS3We4VxFNUFRjMNd9EeGSQZl/
Salah sijine bab kang bisa nemtokake sepira becik orane kapribadene uwong yaiku lathi /lambe. Lambe minangka anggane badan mujudake piranti kanggo ngandharake pikiran lan rasane ati, uga piranti kanggo nglumantarake warta lan krenteking nala.
Saka ing lathi bisa mijil tetembungan sing nyerikake, malah bisa anjalari wong liya tumindak kadurakan. Iki kabukten kadadeyan kang lagi rame gegunjingan (viral) perkara merjaya sawijining anggota punggawa ukum dening pimpinane dhewe. Iku uga jalaran sakadene pranyatan mijile saka lathi kang lamis gawe alesan goroh andadekake masarakat dadi gonjang-ganjing. Kang wusanane bisa nyeret para sekuthone mlebu ing kalangan /'lingkaran' lelamisan sandiwara.
Kosok baline, saka ing lathi bisa mijil tetembungan kang bisa njalari berkat tumraping wong liya, nuladhani agawe kabecikan, panglipur lan nyantosakake pangrasaning nala.
Gegambaran iku kadya dene ana ing bebasan "Ajining dhiri dumunung ana ing lathi". Iya saka obahing lambe bisa gawe abang birune mring sapa kang duweni lambe iku dhewe uga sumrambah mring wong liya.
Saka lambene wong kang bener lan wicaksana temtu kaajap /kasedya tetembungan becik, jujur lan bener kang anjalari dumadine rasa tentrem, bagya lan sukarena sapa bae kang ngrungokake.
Kabeh manungsa pengin urip bagya mulya. Kabagyan ora mung mligi katemtokake dening bandha donya utawa ana oraning prakara urip, ananging saka ing patraping nala kang mijil tetembungan saka lathi.
Ana uga panemu, dudu bagya kang agawe muji sokur, nanging muji sokur njalari rasa bagya. Pangucap sokur iku mijil saka lathine uwong kang tulus atine, luhur bebudene lan nduweni kawicaksanan.
Sumangga para sutresna PBJ mugya Gusti tansah anjangkung gesang kita sadaya ing margi kaleresaning Gusti...,
Gusti amberkahi... Amin 🙏
Jm, sandyakala, 24822
✍️ eNPe ✍️
Kira² dalam bahasa Indonesia bisa dijelaskan secara singkat demikian :
Salah satu faktor yang menentukan kualitas hidup seseorang adalah bibir. Bibir merupakan alat untuk mengungkapkan pikiran dan perasaan. Bibir juga menjadi sarana komunikasi. Dari bibir keluar kata-kata berkat yang bisa memotivasi orang lain untuk melakukan kebaikan, menghibur, dan menguatkan.
Namun, dari bibir pula bisa keluar kata-kata yang menyakitkan, bahkan yang menggerakkan orang lain untuk melakukan tindak kejahatan. Ini terbukti terjadi pada sandiwara yg tercipta akhir2 ini yg lagi viral dg terbunuhnya salah satu anggota penegak hukum oleh atasannya sendiri. Akhirnya dari kata² yg keluar dari bibir itulah yg bisa menyeret kroninya kedalam tindak kejahatan.
Dari mulut orang benar bisa diharapkan keluar kata-kata baik dan benar yang membawa damai dan sukacita bagi orang yang mendengarnya. Karena itu merupakan sumber inspirasi kehidupan bermasyarakat.
Semua orang ingin hidup bahagia. Kebahagiaan bukan ditentukan semata-mata oleh harta atau tiadanya masalah. Itu ditentukan oleh sikap hati yang kemudian keluar melalui bibir. Ada ungkapan yang mengatakan, bukan bahagia yang membuat bersyukur, tetapi bersyukur menjadikan orang bahagia. Dan, ucapan syukur itu keluar dari bibir orang benar yang memiliki ketulusan, pengertian yang di dalamnya terdapat hikmat.
Komentar
Posting Komentar