PANDAKWA DANA UPASRAYA COVID-19 PUNCATHUT
kaunggah ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02g6KK9cUvNY4XAhxJQ1NAt6mc7V8SXpYBBU4uFEpBRVpSTFncPTi256kZQiGTjeWkl/
Irah-irahan pawarta kasebat kadadosan sampun dangu ing taun 2021 kapengker.
Kacariosaken ing pawarta, dene warga Kampung XXX , Dhusun XXXX, Kec Cixxxx, Cianjur, rame-rame sami nglapur dhateng pulisi, Kemis, 11-2-2021.
Isi lapuranipun dene Kades kadakwa nyathut /nyuda dana upasraya (bantuan) Covid-19.
Kirang langkung 170 KK panampi piguna upasraya Covid-19 damel lapuran dhateng Satreskrim Polres Cianjur. Tiyang-tiyang sami jengkel ulahipun Kades XXXX ingkang nyathut dana upasraya ingkang asalipun saking 'anggaran dana desa'.
Pangakening para warga bilih saben wonten glontoran dana upasraya kasebat, jer tansah puncathut klawan nyuda jatahipun warga ingkang agengipun werni-werni wiwit Rp 100 ewu dumugi Rp1,2 yuta... (walah-walah.., tega-tegane si Kades gemblung iku!?).
Alesanipun kangge administrasi lan pajeg. Panyathutanipun sampun dumados wiwit taun 2020. Bukti tumindak dursila Kades wau kacetha wonten ing 'video', si Kades gemblung prentah dhateng RT lan RW nyathut dana upasraya kasebat, makaten miturut ujar salah satunggaling wakil warga.
Miturut pratelanipun, wonten sawetawis 170 KK ingkang mlebet lembar cathetan panampi piguna dana upasraya Covid-19. Kades ameksa supados RT lan RW napak asta kasanggemanipun nyathut arta upasraya kasebat. Ananging dening RT & RW puntampik boten punsarujuki.
Eee... dhasar 'kades' gemblung tetep kemawon nindakaken pancathutan. Nggih kados makaten punika tumindak 'korupsi' ingkang wonten ing tataran dhusun... cobi pungagas kadospundi punika menawi pamong praja ing tataran andhap piyambak solah bawanipun boten pinuji?
Lajeng kados pundi bilih ngantos ing tataran nasional menawi para pandheganing nagara sami tumindak ngunthetaken arta nagara, kapan Indonesia saged uwal saking tumindak korupsi???.. 😫
Carios lapuran punika namung sabagean alit saking carios-carios langkung ageng ingkang kathah kawartakaken ing rat maya lan pawarta-pawarta telepisi.
slorogan :
Carios nyata punika kadudud sarta linandhesan ingkang asalipun saking rat maya ing ngandhap punika, (sumangga)
JM, madya ratri, 30822
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar