SANDIWARA SABABAK

    kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02bk9MbbUzrU2Xpb6feBGWsM9ixFAA7ECZEwUzipeYFu84vXcbgzxoiwwteUii3qjBl/


Wus kurang luwih sesasi iki TV-TV martakake pawarta-pawarta sandiwara merjaya salah sijine pengawak ukum.

Masarakat digawe gemes miyarsakake warta kasebut sing nyenyamah /ngremehake paugeran urip lan rasa kaadilan masarakat kang kaya diidak-idak dening tokoh utama sandiwara.

Muga-muga enggal ana pepancasan /kaputusan pangadilan, para hakim kang kajibah bisa mitontonake kawusanane (ending) sandiwara sababak iki kanthi mardika wicaksana linambaran ing telenging nala datan pambujuk dalah pambisik kapentingan.

Mangkono uga iki wancine wiwit resik-resik tumindak kadursilan ing negeri +62 kang kita tresnani.


Sumangga kita samya andongakaken,

"Dhuh Allah, mugi kersa paring pitulungan, jalaran tiyang mursid sampun telas, sampun mboten wonten tiyang ingkang satuhu temen malih.

Tiyang sadaya sami goroh, ingkang satunggal nggorohi satunggalipun; wicantenipun sami lelamisan, manahipun rangkep.. Amin" 🙏


Muga-muga Allah numpes sakehing lambe kang lamis lan sakehing ilat sing seneng umuk.👏

Wong mau padha muni, "Srana tembungku aku bisa nuruti apa sing dakkarepake! Aku bisa muni sekarepku, lan ora ana wong sing bisa menggak aku!" 

Iya kaya mangkono iku sing kaaran  patraping manungsa kang "Adigang, Adigung lan Adiguna", wosing : ngegung-ngegungake kuwasane, kaluhurane lan kapinterane.


Eling!.., tetembungan /unen-unen mengkene :

 'becik katitik, ala katara'

 'sapinter-pintere bajing mlumpat, bakal ceblok uga'

 'barang bosok sing dipendhem jero, bakal kaambon uga'.


Kira-kira unen-unen iku bakal dumadi lan kabukten ing tembene... muga mangkono kadya pangarepan kita kabeh... Amin. 👏

Sinartan klawan sesantine 17-an 2022 :

"Pulih lebih cepat, bangkit lebih kuat!"

(Pulih luwih rikat, gumregah luwih kuwat!) 🇮🇩 MARDIKA! ✊️🇮🇩


JM, minggu esuk, 21822

             eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN