Postingan

TUMETESING EBUN ESUK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02NBZYzCdBwktSEmXHBQYxqruvjotD3R4eTgdBT2ZjCDijtvzvrsLwaLRYbR3J3kB2l/ Bocah wadon iku isuk-isuk bukak jendhela kamar karo nyawang petamanan kang katon asri dening taneman kembang sing lagi padha mekrok. Dheweke meruhi ana ebun kang tumetes saka gegodhongan tumiba ing lemah njur ilang. Kaya mangkono saben dina bocah wadon mau ngematake. Ibune tansah migatekake apa kang dipikirake dening putrine. "Kowe lagi ngematake ebun-ebun iku ya nduk?", ibune ndangu. "Inggih bu punika lho saben tetes ebun ical remesep ing siti", ngono wangsulane. "Ngertia nduk saben tetes ebun sing tumiba ing lemah kuwi banget migunani tumraping alam. Ebun owah dadi banyu njur disedhot lemah rumesep ing oyot-oyot taneman kanggo nguripi kembang-kembang sing padha mekrok nganti katon endah iku." "Semono uga tumetesing berkahe Gusti Allah kang saben esuk kacawisake kanggo dalan panguripaning manungsa iya kadya tu...

G A P T E K

Gambar
    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid05f8a3hDKT82J2rmF3ZT8hMcT1porEknYHY3GPL8oTdKmhZmzcTkmu2Y8v8SxP9iGl/ Ana priya isih klebu enom wus ngentekake wektu sakjam-an ing bank ngancani juragane saprelu ngirim (transfer) dhuwit. Priya kanoman iku ora bisa ngempet njur takon, "Pak, kenging punapa boten ngagem Internet/mobile banking..?" "Aku iki 'Gaptek' (gagap teknik)... kenapa aku kudu nganggo cara iku?", wangsulan lan uga takone sang juragan. "Oo.. ngaten pak, njenengan boten sisah-sisah repot nelasaken wekdal satunggal jam ing ngriki namung kangge ngintun yatra. Bapak malah saged blanja 'online', sadaya gampil sanget pak.. !". Priya kanoman iku semangat banget mbujuk juragane pindhah nganggo mobile / internet banking. Ing sawetara wektu, juragan takon, "Yen aku nglakoni iku, apa aku ora prelu metu omah..?" "nggih   nggih.. leres pak!", wangsulane priya kanoman iku. Dheweke ngandharake m...

SASRUPUTAN TEH PANAS #renungan

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3249353642010417/ Esuk iki... aku mrangguli simbok bakul sayuran nyruput teh... katon nikmat banget, sawuse marem enggal nutup cangkir blirik ijo iku... Aku nyoba metani tuladhane iki... sanyatane samubarang rasa iku samya padhadene... Sacangkir teh iku regane amung Rp.2000, nanging simbok iku banget olehe ngresepi klawan nikmat.. ora beda nikmate karo teh sing diadol ing kafe kang regane larang tikel tekuk. Sepira ta suwene rasa nikmate teh iku..? Paling ya mung sajroning tekan tenggorokan... sabanjure rasane ilang. Ora beda karo teh sing larang regane. Mangkono uga kanikmatan liyane.. Ana pasemon.., kayata turu ing kasur mendud-mendud utawa ing klasa, nalika mripat merem kita ora bisa mbedakake lagi ing ngendi anggon kita turu... nikmate kasur empuk ya mung krasa nganti mripat merem. Samono uga pasemon ngenani bab kasusahan / angrekasan. Nalika aku ngebis nglajo Solo - Semarang kerep ora entuk lungguhan, pege...

Sugeng RIYADI IDUL FITRI 1443 H

 Para kadang PBJ kinasih ingkang binerkahan, Ngaturaken Sugeng RIYADI IDUL FITRI 1443 H 🕌 Mugi sadaya kalepatan linebur ing ari fitri punika. 🤝 Nyuwun agunging pangaksama. 👏👏 nuwun eNPe 🙏   kapacak ugi ing  https://fb.watch/cKAIcBvj4R/

LEREM LAN SRANTA (panglipur driya)

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3238725666406548/ Lerem lan sranta, hee.. jiwaku teguh ing kasangsaran, aywa ngresula pasrah lan sumaraha mring Gustimu saliring duhkita kang ketaman ing sira. Allah satya, datan nguciwani kang nedya angaub ing pangayunanNe. Lerem lan sranta, hee.. jiwaku dimen kinanthi dening Gusti sabab kang kawuri ing Astane Gusti uripmu sabanjure kinendhaleni. Datan anrajangmu prahara ngebat-ebati  awit winengku kwasane Gusti. Lerem lan sranta, hee.. jiwaku lamun tinilar kadang rumaket dalah sira pepuletan ing duhkita aboting duhkita linipur Gusti. Sih nugraha bakal den tampa saka Gustimu sumbering Agesang. Lerem lan sranta, hee.. jiwaku sadhela engkas wancine prapta anadene sira bakal ketemu Panjenengane kang anglipur rikala sira semplah. Iya ing kana sira muji ngastawa sung pepujan AsmaNya sukarena salaminya. JM, nemlikur april rolikur         dening eNPe

AJA KUKUH ADU KERENG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3233202903625491/ Minangka turunan Melayu masarakat Indonesia kasohor masarakat kang wasis ngandharake pitutur arupa pantun mawa pepindhan/pasemon.  Ana salah sijine pepindhan unine : "Samangsa suwala/beda panemu, dadya banyu, dudu tembok.!" ngemu teges nalika kita ngadhepi bab beda panemu prayoga goleki carane kepriye bisa ngrampungake klawan wicaksana ora kena padhadene adu kereng bekenengan. Sayogya ana kang ngalah lan kalem, lembut ing patrape kadya banyu kang bisa gawe adhem swasana. Jroning obah mosiking urip ing samengko iki, ora arang uga kita ngadhepi lan nyumurupi kahanan kukuh adu kereng. Angel banget kanggone wong ngalah, apa maneh kadunungan rasa dene dheweke rumangsa bener. Sangsaya angel yen kang diadhepi kumpulan wong-wong akeh. Sajroning ngadhepi kahanan kaya mangkono dibutuhake patrap lila legawa dadya banyu dudu tembok. Bokmenawa pilihan sing ana padhadene ala kabeh. Nanging, kita...

ORA ANA KANG SARWA KABENERAN -pangangen-angen (renungan)-

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3231798983765883/ Marcel Sternburger priya Amerika kang manggon ing New York, ing sawijining dina dheweke lelungan numpak sepur trowongan jroning lemah arep menyang kutha liya saprelu tilik kancane kang lagi lara. Nalika samono sepure kebak banget nganti suksukan, Sternburger kepeksa ngadeg lan jejere ana penunggang liyane lagi maca koran Hungaria nganti ngebak-ebaki kae.  Ewasamono Sternburger kanthi sopan aruh-aruh : "Aku ngreti ndika maca koran basa Hungaria, dadi ndika bisa basa Hungaria ya? Apa ndika saka Hungaria?", aruh-aruhe mawa basa Hungaria. Priya iku mangsuli, "Iya!" Sternburger: "Kenapa ndika maca koran ing kene apa ora mumet?" Priya iku mangsuli: "Aku lagi nggoleki bojoku?" Sternburger : "Ndika golek bojo ing koran?" Wangsulane si priya iku, "Ora.. , ora.. mangkono, aku lagi nggoleki bojoku liwat koran iki!" Sternburger: "Ohh.. Ana ing nge...

ILANG RASA

    kapacak uga ing   https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3230643417214773/ Jumeneng pemimpin pancen ora gampang. Pakaryan lan upayane kang tinindakake bakal dadi soroting masarakat. Pemimpin kudu teguh lan legawa nampa panyaruwe apadene panacat (ktitik). Akeh pemimpin kang kejlomprong jroning tumindak korupsi, kolusi lan nipotisme. Bab iki andadekake akeh wong dadi ora preduli apa kang kadadean ing satengahing bangsa iki. Kita padhadene kelangan pangrasa (ilang rasa) jalaran rumangsa ora ana pangarepan meneh nedya ngowahi tatanan kang luwih becik ing tatanan pamarentahan (birokrasi) jroning negara dhemokrasi salaras karo pepakon ing undhang-undhang iku dhewe. Mula mangkono, sinau saka pangalaman urip, dene Gusti iku hamung siji-sijine enggon kanggo angayom. Uga kita satemen ngrasakake yen datan marga sinartanan utawa cecawe Astane Gusti piyambak para pandheganing nagari ora ana apa-apane. Saliring kang jejibahan ngayahi dharmaning negara dhewe-dhewe binerkaha...

AKU ORA PANTES KOK GOLEKI -pangangen-angen (renungan)-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3229235174022264/ Joe, priya bule Amerika lagi plesir ing Inggris lan mlebu ing sawijining restoran ing kutha London. Ing jero restoran Joe meruhi ana priya Negro sepuh kulit ireng lagi maca koran ing pojok restoran.  "Mase Pramusaji!", bengoke si Joe "Dak traktir kabeh wong ing restoran iki ya, kejaba wong Negro kulit ireng iku!", ujare seru karo nudingi priya Negro sing lenggah ing pojokan. Si pramusaji wiwit ngladekake mring kabeh wong, kejaba priya Negro iku. Si Negro iku nyawang Joe lan ujar, "Matur nuwun!" karo manthuk. "Wah ngenyek kih wong iku", batine si Joe, nuli ngampiri pramusaji, "Tulung ladekna uga unjukan gratis kanggo kabeh ing restoran kene, kejaba dheweke!", karo nudhing si Negro. Sepisan maneh si Negro, "Matur nuwun!" karo manthuk. Joe si bule Amerika iku saya bingung, njur ngundang pramusaji, "Apa dheweke iku kurang waras ya?" ka...

BEDA CARANE NYAWANG -pasemon wicaksana-

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3228146174131164/ Ana bocah cilik kelangan sepatune ing segara, njur dheweke nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI MALING. Ora let suwe teka juru amek iwak nggawa oleh-olehane iwak akeh banget, njur dheweke nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI APIKAN ATEN. Ana bocah klelep ing segara, banjur ibune nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI GAWE PATI. Wong lagi praon diterjang ombak gedhe, njur nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI KEBAK BEBABAYA Ora let suwe teka pawongan nemokake sakumpulan mutiyara ing jero segara, njur dheweke nulis ing pasir pesisir.... ✍ SEGARA IKI KEBAK BERKAH. Dene kawuningana, segara dalah saisine ora nate ngersula utawa nggrundel sathithika bae.  Dumadakan ana OMBAK GEDHE BANGET lan mBUSAK TULISAN-TULISAN mau ing pesisir tanpa tilas.🙋 MULANE, AJA MAELU OMONGANE WONG-WONG, MARGA SABEN WONG NYAWANG KAHANAN DONYA IKI MAWA PANGRETEN LAN ...

CAHYANING SANG DIWANGKARA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3226656224280159/ Cahyaning sang diwangkara nyumunari seindenging nagri, ardi, ngare, sawah lan pakebonan anambut suka-rena. Iba sukarsa daksawang gumebyaring trang Gusti ing ngaluhur kang nedya dakastawa. Konjuk sokur Sang Pangon setya tansah angreksa, kanugrahan ing pendhak byar, rina lan wengi. Daya lan kasantosan, pakarti kang dakudi, kagunganNya klawan andhap asor nedya dakastawa Kang Ma' Wisesa. Pendhak dinten lumeber kamirahan Paduka, dhuh Gusti, kepareng kawula ngemuti darmaning gesang salaminya. JM, ahad esuk, 100422         dening eNPe   Jarwane ing basa Indonesia : Terang matahari menyinari segala neg'ri, gunung dan padang, sawah dan ladang senang berseri. Gembira sekali kulihat kembali terang merekah,  dan Tuhan di sorga, yang hendak kusembah. Syukur bagi Dia, Gembala setia, yang jaga tetap. Anug'rahNya tiap hariku semua, terang dan gelap. Tenaga dan kekuatan, ke...

KORUPSI... OHH... KORUPSI #kaprihatinan

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3225159551096493&id=1684548218490975 Yagene ta para panggedhene bangsa padha wringuten lan gatelen? Saliring angen-angennya tansah tanpa guna gawe bubrahing tatanan bebrayaning nagara. Anane amung anyenyugih dhiri nora maelu kamakmuraning bangsa. Ngobrak-abrik reregan datan ora pinuji kabutuhan dasar masarakat saya langka. Ing ngatase pandheganing praja kang kudune jujur ngudi resiking praja. Malah gawe kapitunaning bangsa aweh besel mring kang ngayahi darmaning nagara. Korupsi.. ohh.. korupsi! kapan NKRI iki bisa oncat saka kaanan iki? Apa ya kang dadi sesorahing bangsa bisa winujud? Masarakat adil makmur tentrem raharja? sorogan :  "korupsi" anggambarake bab anyenyugih dhiri kanthi ngunthetake branane praja/bangsa. JM, gagat bangun, 8422    rinakit dening eNPe