LEREM LAN SRANTA (panglipur driya)

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3238725666406548/


Lerem lan sranta, hee.. jiwaku

teguh ing kasangsaran, aywa ngresula

pasrah lan sumaraha mring Gustimu

saliring duhkita kang ketaman ing sira.

Allah satya, datan nguciwani

kang nedya angaub ing pangayunanNe.


Lerem lan sranta, hee.. jiwaku

dimen kinanthi dening Gusti

sabab kang kawuri ing Astane Gusti

uripmu sabanjure kinendhaleni.

Datan anrajangmu prahara ngebat-ebati 

awit winengku kwasane Gusti.


Lerem lan sranta, hee.. jiwaku

lamun tinilar kadang rumaket

dalah sira pepuletan ing duhkita

aboting duhkita linipur Gusti.

Sih nugraha bakal den tampa

saka Gustimu sumbering Agesang.


Lerem lan sranta, hee.. jiwaku

sadhela engkas wancine prapta

anadene sira bakal ketemu Panjenengane

kang anglipur rikala sira semplah.

Iya ing kana sira muji ngastawa

sung pepujan AsmaNya sukarena salaminya.


JM, nemlikur april rolikur

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN