SUGENG NGIBADAH PUWASA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3221443884801393/


Kang denantu wus prapta,

jroning sawulan Ramadan sahya,

Denrumeksa lan peperti ing wardaya,

ngampet hardaning-driya mrih uwal sing godha.


Datan samar klawan rasa walang-driya,

rasa mantep pracaya mring Kang Ma'Kwasa.

Sesolahnya denresepi dimen lestari slaminya,

nyadhong berkahing Hyang Wesesa.


Sukarena katon ing lathi tansah rinengga

pracayaa kanthi tulusing nala,

dene Hyang Wisesa anjangkung sira,

ngibadah Puwasa tutug lestari widada.


Nadyan luwe lan ngelak kang denrasa,

dudu pambeng nyata, dudu rubeda.

Muhung wohing trusing driya, 

dadya lakutama nyadong pangapuraning Hyang Wisesa.


Kagem pra kadang sutresna

nderekaken rumeksa samya

anggenipun andon Puwasa.

Mugi dirga anggayuh kang densedya

berkah katentreman Hyang Wisesa

tebih sing godha rencana.


JM, purwaning ramadan, 3422

           dening eNPe


     >>>>>♡<<<<>

Yang dinanti sudah tiba

selama sebulan ramadan siap sedia.

Dijaga dan pelihara dalam hati

menahan nafsu hingga terhindar dari goda.


Tanpa was-was dan rasa kawatir

rasa kokoh percaya kepada Yang Maha Kuasa.

Tindakannya diresapi biar lestari seterusnya

menadah berharap berkat Hyang Kuasa.


Kesukaan tersungging dibibir slalu terjaga

percayalah dengan tulus hati,

bahwa Yang Kuasa melindungi engkau

beribadah Puasa penuh lancar hingga selesai.


Walau lapar dan dahaga yang dirasakan

sungguh bukan halangan, bukan rintangan.

Itu hanyalah buah atas ketulusan hati

jadilah sikap terpuji menadah ampunanNya.


Teruntuk saudara2ku tercinta

turut mengiring menjaga bersama

dalam menjalankan ibadah puasa.

Semoga tercapai dalam menggapai yg dicita

ketentraman dari Yang Maha Kuasa

jauh dari segala godaan.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN