BEDA CARANE NYAWANG -pasemon wicaksana-

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3228146174131164/


Ana bocah cilik kelangan sepatune ing segara, njur dheweke nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI MALING.


Ora let suwe teka juru amek iwak nggawa oleh-olehane iwak akeh banget, njur dheweke nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI APIKAN ATEN.


Ana bocah klelep ing segara, banjur ibune nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI GAWE PATI.


Wong lagi praon diterjang ombak gedhe, njur nulis ing pasir pinggir pesisir.... ✍ SEGARA IKI KEBAK BEBABAYA


Ora let suwe teka pawongan nemokake sakumpulan mutiyara ing jero segara, njur dheweke nulis ing pasir pesisir.... ✍ SEGARA IKI KEBAK BERKAH.


Dene kawuningana, segara dalah saisine ora nate ngersula utawa nggrundel sathithika bae. 

Dumadakan ana OMBAK GEDHE BANGET lan mBUSAK TULISAN-TULISAN mau ing pesisir tanpa tilas.🙋


MULANE,

AJA MAELU OMONGANE WONG-WONG, MARGA SABEN WONG NYAWANG KAHANAN DONYA IKI MAWA PANGRETEN LAN PANGALAMAN DHEWE-DHEWE SING BEDA. 👌


Terusna jangkahmu, samangsa sira ana ing dalan kang bener! 👍

Nadyan kabecikan kadhang ora tansah bisa tinampa ing liyan.


Ora usah susah-susah njlentrehake bab awakmu mring wong liya,

- sing nyenengi awakmu ora butuh iku, lan

- sing nyengiti awakmu ora pracaya iku.


Urip iku dudu bab sapa kang becik dhewe, nanging sapa kang gelem gawe kabecikan. 👍


AJA BUSAK PASEDULURAN hamung marga sawijining Kaluputan!

Ananging, BUSAKEN KALUPUTAN murih lestarine Paseduluran. 👍


Dene yen nemoni godha pasulayan..., aja duwe krenteg kepriye carane ambales mawa sing luwih perih...., ananging

udinen kepriye carane ambales sing luwih becik! 👍

Kita wajib gawe becik lan bener, uga ora gawe pepancasan netepake bener orane, iku dudu wenang kita.


Sumangga, sugeng ngayahi jejibahan. 👏

Gusti amberkahi... Amin. 🙏


JM, gagat bangun, 120422

   kajarwa dening eNPe


sumber : kadudud saka tulisan kang sumebar ing grup² WA mawa basa Indonesia. ⤵️


Seorang anak kehilangan sepatunya di laut, lalu dia menulis di pinggir pantai ...

*LAUT INI MALING,*


Tak lama datanglah nelayan yg membawa hasil tangkapan ikan begitu banyak, lalu dia menulis di pantai ...

*LAUT INI BAIK HATI,*


Seorang anak tenggelam di lautan lalu ibunya menulis di pantai ...

*LAUT INI PEMBUNUH ..*


Seorang diatas perahu dan di hantam badai, lalu menulis dipantai ...

*LAUT INI PENUH MARABAHAYA,*


Tak lama datanglah Seorang lelaki yg menemukan sebongkah mutiara di dalam lautan, lalu dia menulis di pantai ...

*LAUT INI PENUH BERKAH.*


Sementara lautan dan seisi nya *_tak pernah mengeluh sedikitpun,_*

Kemudian datanglah ombak besar dan *_menghapus semua tulisan_* di pantai itu tanpa sisa.


*_MAKA.._*

*_JANGAN RISAUKAN OMONGAN ORANG, KARENA SETIAP ORANG MEMBACA DUNIA DENGAN PEMAHAMAN & PENGALAMAN YG BERBEDA._*


Teruslah melangkah, *_selama engkau di jalan yg baik._*

Meski terkadang kebaikan *_tidak_* senantiasa di hargai.

Tak usah repot² menjelaskan tentang dirimu kepada siapapun, 

*_Karena yg menyukaimu tidak butuh itu,_* 

dan *_yang membencimu tidak percaya itu._*

Hidup bukan tentang siapa yg terbaik, *_tapi Siapa yg mau berbuat baik._*


Jangan menghapus Persaudaraan hanya karena sebuah Kesalahan.

*_Namun Hapuslah kesalahan demi lanjutnya Persaudaraan._*


Jika datang kepadamu *_gangguan._* 

Jangan berpikir bagaimana cara *_Membalas_* dengan yg lebih Perih, 

*_tapi berpikirlah bagaimana cara Membalas dengan yg lebih baik*

Tugas kita adalah berbuat yg baik & benar, dan  *_Bukan untuk  menghakimi._*

               #'###0####


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN