ILANG RASA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3230643417214773/
Jumeneng pemimpin pancen ora gampang. Pakaryan lan upayane kang tinindakake bakal dadi soroting masarakat. Pemimpin kudu teguh lan legawa nampa panyaruwe apadene panacat (ktitik).
Akeh pemimpin kang kejlomprong jroning tumindak korupsi, kolusi lan nipotisme. Bab iki andadekake akeh wong dadi ora preduli apa kang kadadean ing satengahing bangsa iki.
Kita padhadene kelangan pangrasa (ilang rasa) jalaran rumangsa ora ana pangarepan meneh nedya ngowahi tatanan kang luwih becik ing tatanan pamarentahan (birokrasi) jroning negara dhemokrasi salaras karo pepakon ing undhang-undhang iku dhewe.
Mula mangkono, sinau saka pangalaman urip, dene Gusti iku hamung siji-sijine enggon kanggo angayom.
Uga kita satemen ngrasakake yen datan marga sinartanan utawa cecawe Astane Gusti piyambak para pandheganing nagari ora ana apa-apane. Saliring kang jejibahan ngayahi dharmaning negara dhewe-dhewe binerkahan dening Pangeran Gusti Kang Maha Wisesa.
Kepriye patrap kita minangka umat pracaya?
Tuladha apa kang bisa kita andum mring sapepadha?
Apa kita bisane hamung ngrusuhi datan nindakake sawiji apa bae utawa aweh panyengkuyung sagaduk kita kanggo kemajuaning bangsa?
Temtu luwih prayoga kita sabangsa minangka umat pracaya pandonga wus kudu rumaket ing urip kita pendhak dinane. Ya.., pandonga iku wus dadi napasing kauripan kita sabangsa.
Salah siji kang baku kudu kita dongakake yaiku para pandhega, para pamong dalah para wakil rakyat bisa ngayahi darmaning dhewe-dhewe klawan sayuk-sayuk rukun mandhegani negara kita tumuju masarakat tentrem raharja.
Sumangga 👍👏
Gusti amberkahi ... Amin 🙏
JM, lingsir sore, 150422
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar