LINGGIH PADHADENE ENDHEK, NGADEG PADHADENE DHUWURE #pangangen enjing

   _DUDUK SAMA RENDAH BERDIRI SAMA TINGGI_

              _renungan pagi_

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3222968894648892&id=1684548218490975


*Linggih padhadene endhek, ngadeg padhadene dhuwure* yaiku patrap ngrenggani urip kang pinuji lan mulya. Yen salah siji linggih lan liyane ngadeg, carane nyawang kahanan uga bakal beda.

Ing ngarsane Gusti saliring manungsa padha drajate, awit Panjenengane kang nitahake manungsa miturut gambar lan pasemon-Ne.

Duduk sama rendah dan berdiri sama tinggi adalah sikap menghargai/menjaga hidup yang terpuji dan mulia. Jika salah satu duduk dan lain berdiri, cara memandang masalah juga akan berbeda.

Di hadapan Tuhan semua manusia sama kedudukanya. Dialah yang menciptakan manusia menurut gambar dan rupa-Nya.


Ngucapa jroning atimu, "Aku kinajènan ing PamirsaNe". Luwih becik kajèn ing Ngarsane Gusti tinimbang ing pandelenge manungsa, jalaran pangajine manungsa asipat sawetara wektu, nanging Makutha Kauripan kang wus Gusti cawisake mring kita asipat langgeng salawase.

Katakan pada dirimu , "Aku berharga di MATA-NYA". Lebih baik berharga di mata Tuhan daripada di mata manusia, karena penghargaan manusia bersifat sementara, tetapi Mahkota Kehidupan yang sudah Tuhan siapkan untuk kita adalah kekal selamanya.


Mula mangkono, sayogya sliramu aja ngegungake utawa ngasorake dhiri pribadi utawa sapepadhamu. Reksanen karukunan ing antarane sapepadha, sabab Allah wus sinung kaluwihan lan kakurangan dhewe-dhewe, prayoga siji lan sijine padhadene ngganepi lan angajeni.

Oleh karena itu hendaklah engkau jangan meninggikan atau merendahkan diri sendiri ataupun sesamamu. Peliharalah kerukunan diantara sesamamu, sebab Allah telah memberikan talenta masing2, dan masing2 mempunyai kelebihan dan kekurangan, hendaklah saling melengkapi dan menghormati.


JM, gagat esuk, 5422

        dening eNPe


      SUGENG SIYAM

 SELAMAT BERPUASA


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN