KORUPSI... OHH... KORUPSI #kaprihatinan

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3225159551096493&id=1684548218490975


Yagene ta para panggedhene bangsa padha wringuten lan gatelen?

Saliring angen-angennya

tansah tanpa guna

gawe bubrahing tatanan bebrayaning nagara.


Anane amung anyenyugih dhiri

nora maelu kamakmuraning bangsa.

Ngobrak-abrik reregan datan ora pinuji

kabutuhan dasar masarakat saya langka.


Ing ngatase pandheganing praja

kang kudune jujur ngudi resiking praja.

Malah gawe kapitunaning bangsa

aweh besel mring kang ngayahi darmaning nagara.


Korupsi.. ohh.. korupsi!

kapan NKRI iki bisa oncat saka kaanan iki?

Apa ya kang dadi sesorahing bangsa bisa winujud?

Masarakat adil makmur tentrem raharja?


sorogan :

 "korupsi" anggambarake bab anyenyugih dhiri kanthi ngunthetake branane praja/bangsa.


JM, gagat bangun, 8422

   rinakit dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN