G A P T E K
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid05f8a3hDKT82J2rmF3ZT8hMcT1porEknYHY3GPL8oTdKmhZmzcTkmu2Y8v8SxP9iGl/
Ana priya isih klebu enom wus ngentekake wektu sakjam-an ing bank ngancani juragane saprelu ngirim (transfer) dhuwit. Priya kanoman iku ora bisa ngempet njur takon, "Pak, kenging punapa boten ngagem Internet/mobile banking..?"
"Aku iki 'Gaptek' (gagap teknik)... kenapa aku kudu nganggo cara iku?", wangsulan lan uga takone sang juragan.
"Oo.. ngaten pak, njenengan boten sisah-sisah repot nelasaken wekdal satunggal jam ing ngriki namung kangge ngintun yatra. Bapak malah saged blanja 'online', sadaya gampil sanget pak.. !".
Priya kanoman iku semangat banget mbujuk juragane pindhah nganggo mobile / internet banking.
Ing sawetara wektu, juragan takon, "Yen aku nglakoni iku, apa aku ora prelu metu omah..?"
"nggih nggih.. leres pak!", wangsulane priya kanoman iku.
Dheweke ngandharake marang juragane, kepriye barang-barang kapreluan saben dinane bakal bisa dieterake tekan ngarep lawang omah lan kepriye Tokopedia, Shopee utawa toko-toko online liyane bisa nyedhiani iku kabeh..!
Ananging.., kocapa wangsulane sang juragan gawe priya kanoman iku blangkemen...,
Sang juragan aweh wangsulan...,
🔸️"Wiwit aku mlebu kantor bank dina iki, aku wus ketemu 5 kanca-kanca pensiunanku.."
🔸️"Aku bisa ngobrol sadhela karo pegawe sing isih kenal kanthi becik"
🔸️"Sumurupana, aku iki urip dhewekan. Wektu ketemu kanca-kanca kaya ngene iki sing dak butuhake"
🔸️"Aku semangat lan gita-gita nekani bank, nyedhiake cukup wektu.."
🔸️"Iku kabeh mujudake kabutuhan batin sing dak gadhang-gadhang dadi mareme ati"
🔸️"Ngertia, rong taun kapungkur nalika aku lara...,
sing duwe toko buah lenggananku, teka tilik aku lan lungguh ing amben karo kembeng-kembeng mripate aweh semangat.."
"Rikala bojoku tiba sajroning mlaku-mlaku esuk, bakul klonthong kliling sing mrangguli enggal nulungi nganggo montore ngeterake tekan omah"
"Coba gagasen, apa aku bisa oleh kabutuhan-kabutuhan pitulungan urip manungsa kaya mangkono iku yen kabeh dak lakoni sarwa nganggo online mau?"
"Bab iki mujudake rumakete sesrawungan ing antarane manungsa.
Apa iya krana online uga bisa nyukupi kabutuhan urip kadya mangkono mau?
✍️✍️✍️prelu dicathet,
Kabutuhan kang sarwa kacukupan dening kamajuan teknologi dudu iramane urip, prelu uga nisihake wektu srawung karo sapepadha manungsa, dudu ngemenake alat-alat kang sarwa 'canggih', kudu bisa imbang panganggone.
Jalaran wektu ora bisa diputer bali. Samangsa isih bisa lan ana wektu, ayo kita tansah aruh-aruh lan padha dene ajen-ingajeni, guyub mring wong-wong sakiwa tengen kita lan njaga anggone sesrawungan sagolong sapikir.
JM, pajar-sidik, 14522
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar