SASRUPUTAN TEH PANAS #renungan

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3249353642010417/


Esuk iki... aku mrangguli simbok bakul sayuran nyruput teh... katon nikmat banget, sawuse marem enggal nutup cangkir blirik ijo iku... Aku nyoba metani tuladhane iki... sanyatane samubarang rasa iku samya padhadene...

Sacangkir teh iku regane amung Rp.2000, nanging simbok iku banget olehe ngresepi klawan nikmat.. ora beda nikmate karo teh sing diadol ing kafe kang regane larang tikel tekuk.


Sepira ta suwene rasa nikmate teh iku..?

Paling ya mung sajroning tekan tenggorokan... sabanjure rasane ilang. Ora beda karo teh sing larang regane.


Mangkono uga kanikmatan liyane..

Ana pasemon.., kayata turu ing kasur mendud-mendud utawa ing klasa, nalika mripat merem kita ora bisa mbedakake lagi ing ngendi anggon kita turu... nikmate kasur empuk ya mung krasa nganti mripat merem.


Samono uga pasemon ngenani bab kasusahan / angrekasan. Nalika aku ngebis nglajo Solo - Semarang kerep ora entuk lungguhan, pegel rasane sikil katambahan abote gawan tas lan lagi oleh lungguhan mung 10 menit ngarepake mudhun. Angrekasa 3 jam (durung ana dalan tol) ing sadurunge ora krasa maneh, hemm... nikmaaat banget rasane ing 10 menit iku.

Durung kober ngrasake nikmat lungguh, eee... nalika kondektur mbengok, "Terboyo wis tekan  Terboyo...!" tanpa mikir dawa meneh aku nuli ngadeg... kursi dak tinggal (la iya ora bisa nggawa kursi bis iku...) embuh sesuk oleh kursi meneh apa ora, pokoke kursi dak tinggalake!.


Samono uga "Kursi Jabatan"... wektune lengser, kudu lila legawa ninggalake kursine!


Eliding pasemon,

Sanyatane jroning lelakoning urip iku amung bab rasa... lan samubarang rasa iku mung sedhela sarta bakal gumanti rasa liyane.

Apa bae rasa kang kita duweni ing wektu saiki, prayoga kita nikmati bae... jalaran kabeh iku amung sedhela.


... mak gragap tangi..., simbok... matur nuwun sampun memucal ngelmu matrapi gesang, mugi wilujeng lan kepanggih sehat, benjang sadean malih nggih...


JM, gagat bangun, 10522

        dening eNPe


kadudud saka tulisane kadang WA ing basa Indonesia.


Pagi ini ... saya melihat simbok penjual sayur menyruput teh... nampak nikmat sekali..., setelah puas ditutupnya kembali cangkir blirik ijo.

Saya mencoba untuk belajar.... merenung

peristiwa ini.

Ternyata  pada akhirnya semua rasa itu sama...   

Secangkir teh blirik itu hanyalah seharga  Rp.  2.000 (Dua ribu rupiah). Namun simbok itu begitu menikmatinya.. tidak beda dengan  nikmatnya teh yg dibeli  di cafe atau resto dengan tarif harga mahal.


Seberapa lama teh itu nikmat...? 

Hanyalah sepanjang perjalanan sampai di tenggorokan... setelah itu rasanya lenyap. 

Tak beda dengan minuman semahal apapun.

Begitu pula nikmat-nikmat  yang lainnya, 

ketika tidur di kasur yang empuk ataupun tikar, ketika mata terpejam, kita tak bisa membedakan saat ini tidur di mana.. nikmatnya kasur empuk hanyalah terasa sampai mata ini terpejam.


Begitu pula tentang sebuah penderitaan. Sewaktu nglajo dari Solo - Semarang, saya sering tidak mendapat tempat duduk di bis... pegel2 deh kaki ini, apalagi bawa bawaan. dan baru dapat tempat duduk, 10 menit menjelang turun. Rasanya penderitaan 3 jam sebelumnya tidak terasa lagi, nikmaaatt sekali.... yang 10 menit ini.


Namun senikmat apapun, saat kondektur bilang "Terboyo terakhir Terboyo terakhir..." maka tanpa pikir panjang atau berat hati saya berdiri.. Kursi saya tinggalkan. Tak terpikir untuk membawa kursi bis.            Entah esok akan dapat kursi lagi atau tidak.. pokoknya kursi saya tinggalkan.


Begitu pula dg Kursi Jabatan. 

saatnya selesai, tinggalkan kursi dengan senang hati. 


Ternyata kehidupan itu hanyalah tentang rasa... dan segala rasa hanyalah sebentar dan akan berganti rasa yang lain.

Apapun rasa yang hadir padamu saat ini, nikmati sajalah.. karena semua hanya sementara.


Simbok.. maturnuwun.  sudah mengajarkan ilmu kehidupan, moga selamat dan sehat ya, besok jualan lagi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN