*WEWATON 10/90*
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2596532570625864&id=1684548218490975
Wewaton 10/90 miturut katerangane :
- 10% ing urip kita dumunung apa sing kita alami.
- 90% ing urip kita gumantung saka carane kita ngadhepi.
Kepriye jlentrehe...?
Kita nora bisa ngendhaleni 10% saka apa sing kedadean ing dhiri pribadi.
Contone mengkene :
~ Conto 1.~
Sajroning kita sarapan bebarengan sakulawarga,
nora kajarag anak kita nyenggol cangkir kopi njalari sandhangan ngantor kita kecipratan kopi.
Kita nora bisa ngendhaleni dhiri apa kang kita alami iku.
Carane kita ngadhepi :
Sanalika kita getak anak kita nganti dadi tangise. Sabanjure kita noleh menyang sisihan kita lan protes marga deleh cangkir kopi mingklik ing pinggire meja.
Banjure ndadekake regejegan padu, kita mlayu nyang kamar enggal salin sandhangan. Bali ing kamar dhahar nemoni anak kita isih nangis nyambi ngentekake sarapane.
Wusanane apa sing kita adhepi??
Anak kita ketinggalan bis sekolah, sisihan kita gegancangan budhal kantor.
Kita kesusu-susu nyopir montor karo ngeterake anak kita sekolah.
Amarga rumangsa selak telad, kita mlayoke montore nganti 70 km/jam, kamangka katemtokake watese nora kena luwih 60 km/jam (kepeksa kena dhendha Rp 500 ewu nglanggar uu lalu lintas)
Kacetha kita telad 15 menit lan kudu bayar dhendha Rp 500.000, tekan sekolahan anak kita cepet-cepet mudhun tanpa pamit.
Tekan kantor wus telad 20 menit, kita lagi kelingan, " wadhuh tas keri ing omah!"
Ohh, dina makarya kita kawiwitan mawa kahanan kang nora becik, Lamun diterusake saya nora apik. Pikiran kita nggubed marga kadadean ing ngomah mau.
Nalika mulih tekan omah, kita ngadhepi srawungan karo sisihan lan anak sarwa salah nora kepenak.
Kepriye bisa mengkono...?
Ya amarga carane kita ngadhepi esuk mau.
Kena apa kita ngalami kahanan elek ing dina iku?
1. Apa marga kecipratan kopi?
2. Apa sebab pinangkane saka anak kita?
3. Apa sebabe marga pulisi lalu lintas..?
4. Apa dhiri kita sing dadi panyebabe??
Jawabe bisa katemtokake No. 4, yaiku dhiri kita dhewe !
Kita nora bisa ngendhaleni dhiri sawuse cangkir kopi wutah.
Gumantung carane kita ngadhepi sajroning 5 dhetik iku kang nemtokake.. !!
~ Conto 2.~
Sandhangan kecipratan banyu kopi, nalika anak kita nangis, kita kanthi alus ngendika : "Ora dadi ngapa sayang, kapan maneh sing luwih ati-ati ya", sinambi ngelus sirahe.
Kita njupuk andhuk cilik lan mlayu nyang kamar salin sarta njupuk tas, enggalan mlayu nyedhaki jendhela ngarep omah lan nyumurupi anak kita lagi numpak bis karo dhadhah-dhadhah.
Kita njur ngecup lembut pipi sisihan lan ujar, "Nganti ketemu mangan mengko bengi!"
Kita bisa tekan kantor 5 menit luwih gasik lan kanthi sumringah aruh-aruh pegawe andhahan kita. Pimpinan kita ngacungi jempol nambah semangat ngayahi tugas kantor.
Saka ing rong conto mau, krana kedadean kang padha, carane ngadhepi kang beda asile kang ditemoni uga bedane njomplang..!!
Sepisan swasana sarwa nora becik lan nora kepenak bisa-bisa tambah ala,
Kapindhone, swasana sarwa endah sinawang lan rinasaake tentrem.
Kenapa..?
Nora ana liya ya panyebabe saka ing carane ngadhepi..!
Kita nora bisa ngendhaleni dhiri 10% apa kang kita alami wus kadadean. Nora bisa diselaki..!
Ananging sing 90% gumantung kepriye kita carane ngadhepi..!!
Ing kene, liding piweling :
Sing sabar lan wicak mring sapepadha, lan apuranen kadang-mitra kang duwe kaluputan utawa kang nyengiti kita, dikaya Gusti Allah kang wus paring pangapura mring kita umate kinasih.
Samengko kita wus ngerti wewaton 10/90, coba kita etrapake ing urip pedinan kita. Gayuha impenan kita samangsa kita duwe wektu kita bakal ngungun iba satuhu asil kang kita tampa..!!
Sumangga para sutresna PBJ..!
JM, lingsir wengi, 7220
rinakit dening eNPe
(kadudud / ref. Stephen J Covey)

Komentar
Posting Komentar