NGUDI KAADILAN

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2600380740241047&id=1684548218490975

Kapiyarsi ocehan peksi datan kandheg
gumelar lan sumyak ing telenging driya
Pra kawula prajan tansah umyek
ngudi kaadilaning pamong praja

Nyunggi wakul mikul pari,
kurang prayoga samangsa udan.
Luwih becik manggon ing segara wedhi, tinimbang ing kedhaton sotya datan ana katentreman.

Urip bebrayan ing tengahing pangungun
riwut ing panduga kang murang tata
Kapan bangsaku samya urip rukun
tinebihna samubarang tumindak culika

JM, parak esuk, 11220
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN