SAPA NYEBAR WINIH BAKAL MANEN WOHE
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2594039484208506&id=1684548218490975
Sajroning udan deres ana bapak-bapak lagi ngeyub ing emperan toko pinggir dalan, ing kono uga ana wong-wong lan pit motor lagi padha ngeyub.
Si bapak iku numpak pit motor bebek karo putrane umure kira-kira 11 taun.
Si bocah wus klebes njedhindhil ngadeg ndhepipis mepet bapake.
Para penunggang motor ndeleh motore ing pinggiran dalan njalari dadi macet.
Amarga saking derese, banyu sangsaya cepet dhuwur ngebaki dalan nganti mencep mbleber emperan toko nggone wong-wong sing padha ngeyub iku.
Dumadakan, ana montor Kijang Inova liwat rikat banget playune nganti banyu reged muncrat ngenani wong-wong sing padha ngeyub.
Sanalika kaya diabani kabeh padha misuh-misuh, klebu si bocah cilik mau.
Si bapak enggal ngerih-erih supaya putrane sing sabar bae nora usah grenengan terus.,
"Ya wis ta le.., aja nesu-nesu misuhi kaya iku, sing sabar lan apuranen senadyan dheweke pancen kleru.", pituture bapake sopan senadyan separo pantalone uga kecipratan.
"Nanging dheweke kurang ajar pak! ngregeti wong-wong akeh", sumaure si bocah karo grenengan. "Kemlinthi bener dumeh nganggo montor nora ngajeni wong liya!... huhh!"
"Ya ya.., ya wis rampungna anggonmu muntab. Nesu lan misuhi kaya mangkono iku nora bakal ngrampungake tumrap apa kang wus kebacut kedadean!", pituture bapake kanthi sopan lan sareh.
"Ngene ya le tak kandhani, kita muntab kebak kanepson iku buwang-buwang tenaga nora piguna. Elinga ing ngalam donya iki ana wewaton kang nora bisa diselaki.... dene wewaton mau asipat baku, lan terus ana ing uriping manungsa, sepisan kedadean salawase bakal tumeka uga bali mring urip kita jalaran urip iku mubeng kaya rodha"
"Miturut pepakone Gusti Allah ing ngalam donya iki, apa kang kok 'wenehake/tindakake' bakal bali maneh mring awakmu dhewe!".
"Mulane iku wenehana 'kabecikan' mring sapepadhamu, sejatine kowe nandur kabecikan mring awakmu dhewe!"
"Mangkono uga kosok baline, lamun kowe agawe panggawe ala krana kaya ta kebak kanepson mring wong liya, sanyatane kowe lagi nyebar winih karibedan ing uripmu!"
Kabeh wong sing ngeyub krungu pitutur mau padha meneng nggatekake karo manthuk-manthuk banjur sang bapak mbacutake.
"Wiwit saiki le, kowe kudu bisa ngendhaleni awakmu krana tansah agawe kabecikan, andongakake supaya wong sing nyopir Inova mau bisa slamet tekan ngomahe ketemu sanak kadange sing wus ngantu-antu tekane.
Elinga jroning dedonga tansaha tulus lan eklas. Dongakna uga wong-wong sing padha ngeyub diparingi slamet bisa tekan omahe dhewe-dhewe kasingkirana saka ing sawernane sambe kala".
"Dongakna tukang ngemis sapinggire dalan, dongakna bocah-bocah sekolah sing lagi mulih, dongakna tukang nyapu dalan, lan dongakna sakabehing sing kok weruhi!
Pracayaa, uripmu bakal tinemu sarwa raharja kebak berkahing Gusti Allah kang Maha Wikan."
"Samono uga ibumu, malah sajroning adang sega, dongaake kang sarwa becik mring para tani anggone nandur pari, para bakul olehe dodolan, sopir sing ngangkut beras kabeh diparingi sehat lancar rejekine!
Kabeh apa kang kita pangan prelu dikantheni pangucap rasa sokur awit pinangkane saka berkahe Gusti."
"Kowe ngerti lan paham le ngendikane bapakmu iki?"
Sang bapak nyoba nengenake ngendikane supaya putrane bisa mangerteni lan luwih wicak anggone ngadhepi ing tembe wektu.
Bocah cilik iku manthuk-manthuk semono uga wong-wong liyane ing kono.
Ora let suwe, sang bapak nampa telpon lamat-lamat keprungu dening wong-wong sing cedhak, "Iya iya, aku nang emperan toko pinggir dalan ...., .. pira?.. oo.. 5 menit engkas, tak enteni ya!..."
Udane nora tingkas-tingkas.., 6 menit sabanjure ana montor mewah Alphard ireng rupane mandheg pas ing ngarepe sang bapak lan bocah iku, nuli lawange menga...
"Ibuuu ....!", bengoke si bocah iku karo njranthal munggah montor Alphard.
Banjur sopire mudhun ijolan karo sang bapak, sopire nggawa pit motore, sang bapak nyopiri Alphard.
Sang bapak kanthi sopan pamitan siji-siji karo wong-wong ing kono, "Nuwun sewu, kula ngrumiyini nggih." ana saperangan wong sing disalami.
Liding crita mau bisa kapethik wewulangan, kang bisa tinulad :
"SAPA NYEBAR WINIH BAKAL MANEN WOHE"
Sumangga!
JM, parak esuk, 04220
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar