SUMARAH MRING GUSTI

 kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2608318816113906&id=1684548218490975

Sajroning pirang wektu kepungkur, aku ngadhepi kaanan kang ndadekake "kadya endhog ing pucuking sungu". Aku bingung lan nora ngerti maneh kudu kepriye sing bisa dak lakoni.
Aku mung bisa ngudarasa lan dedonga, "Dhuh Gusti, namung Paduka pangungsen kawula, anggenipun ngentasaken ing kawontenan punika kawula tuhu pitados dhumateng Paduka nglangkungi pitados kawula mring kawula piyambak."

Wusanane, awit saka pinangkane Gusti piyambak kabeh bisa kaentasake rampung kanthi apik lan krana cara kang nora kinira. Gusti Allah kagungan maewu-ewu cara kanggo mitulungi kita, ananging kita manungsa asring kablenggu ing swasana cupet nganti nora kapikir babar pisan kanggo ngentasake saka kaanan kang diadhepi mau... nelakake ilang nalar lan akale ...                                                                           
Ing swasana kaya mangkono iku, kita amung perlu kepriye bisane duweni tekad kanggo nolehake kapracayan kita mring Gusti.
Ya iki sejatine PASRAH SUMARAH MRING GUSTI.

Pasrah sumarah mring Gusti,
pangayoman kang sejati.
Uripmu tansah rinimat,
wit Gusti gunging sih rahmat.

Waspadakna makluk wrata,
karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira
kasinungan ing sacukupnya.
    # kadudud saka KPJ 178 #

Elinga !
MANDHEG - MANGU ANGGON KITA SUMARAH MRING GUSTI, BAKAL NGUWATESI KWASANYA NGENTASAKE TUMRAP MOMOTANING URIP KITA.

JM, lingsir wengi, 20220
       dening eNPe

 (matur nuwun pak guru) :
ref.
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10221922510880912&id=1503470400

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN