AGYA TINGKAS WRESTHINYA

  kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2597587840520337&id=1684548218490975

Duk bumi kinemulan ratri,
pra pangen neng ara ara,
kalawan setya tuhu sami
anjagi panthaning menda.

Dugeng ing sapriki
tan kendhat kasokan toya
Gludhag-gludhug kapiyarsi
kasuwun agya tingkas wresthinya.

Pra pangen asung puji,
ngumandhang aneng akasa
Samya tumungkul mareg Gusti
mugya sinung yekti rahayu samya.

JM, gagat bangun, 8220
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN