PEMEHAN TANGGANE

   kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2616637298615391&id=1684548218490975
     
Ana piyayi kakung-putri nembe manggon ing sawijining pomahan.
Esuk-esuk sajroning sarapan sing putri  nyawang menjaba liwat jendhela kaca lan meruhi tanggane lagi mepe sandhangan.

Njur sing putri ujar nang garwane : "Pirsanana pak, kae lo kumbahane katon kurang resik ya, sajake dheweke nora ngerti carane ngumbahi sing bener. Mbokmenawa butuh sabun cuci sing luwih apik."

Garwane noleh, nanging mung meneng bae karo mesem nora aweh wangsulan apa-apa.

Wiwit kuwi pendhak esuk tanggane mepe sandhangan, sing putri tansah alok rerasanan padha karo dina-dina sapungkure bab tanggane olehe kurang resik ngumbahi sandhangane.

Seminggu sabanjure ...............

Ing sawijining esuk sing putri gumun meruhi  sandhangan kang dipepe tanggane kok katon resik banget.

Sing putri celathu nang garwane, "Kae lo pak.., sajake tangga kita wus sinau carane ngumbahi sing bener. Esuk iki kumbahane wus resik, apa dheweke ndeleng kumbahanku sing resik ya?" (wah sing putri kegedhen rumangsa)

Njur sang garwa mangsuli, "Bu......., bapak tangi luwih esuk iki mau saperlu ngelap ngresiki kaca jendhela kita."

Sing putri kaget lan isin krungu wangsulane garwane. Dheweke isin dene wus kleru tansah memada tanggane ngumbah sandhangane nora resik kamangka sejatine kaca jendhela omahe sing reged."

Ya kaya mangkono iku asring tinemu ana ing sajroning urip iki .......,

Apa kang kita sawang nalika mbijeni wong liya gumantung mring weninge ati lan pikiran kita, liwat jendhela ngendi anggon kita nyawang.

Lamun kaca jendhela kang kita anggo reged, ya wus mesthi apa kang kita sawang ing pandulu kita bakal reged uga.

Lamun jroning DRIYA kita resik, resik uga PIKIRAN kita.
Lamun pikiran kita resik, resik uga CECATURAN kita.
Lamun cecaturan kita resik, mula bakal resik uga TANDANG TANDUK kita.

Ati, pikiran, cecaturan lan tandang tanduk kita iku nggambarake kaanan urip kita.

Ya kaya mangkono iku piyayi sepuh kita tan kedhat paring pesen :
"Reksanen ati, pikiran, cecaturan lan tandang tandukmu!"

Yaahh........................
Prayogyane kita rumeksa iku, sabab saala-alane sandhangan kang kita anggo nora bakal gawe wirange mring wong liya. Ananging kedaling lathi kang kleru pangetrape bisa gawe wirang lan natoni mring liyan, bisa-bisa gawe bubrahe paseduluran!

Ya karana crita iki kang ngemu pitutur, bisa minangkani pameling mring dhiri kita dene asring kita nganggep dhiri kita luwih becik tinimbang wong liya.

Apa jendhela ati kita wus luwih resik ing dina iki ???
Sumangga !!!

JM, sirep jalma, 28220
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN