PEMIMPIN KANG ADI
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2591425807803207&id=1684548218490975
Ana tetembungan ngemu pitutur kang satuhu, “Lamun wong nedya nggayuh marang kalungguhan mandhegani dadi pemimpin, lan pamomong masarakat, iku ateges nedya nindakake pagawean kang adi.”
Mulane padha dieling, madeg dadi pemimpin iku kudu tanpa cacad, kang sesomah siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pangayoman, luwes memulang, nora karem ngombe minuman keras, nora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, sakabehe tumindak kang tinulad becik sarta nora ngawula marang bandha donya.
Samubarang tumindak kang adi mau senadyan nora sampurna ewasamono bisa njalari tumuĵu masarakat luwih temata lan sarwa rahayu ana ing bebrayan anggayuh hayuning nagari masarakat adil makmur.
JM, parak esuk, 01220
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar