TITAH RIPTANING GUSTI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2615152648763856&id=1684548218490975
Wit-witan ing ngare lan lembah samya pigatekna
dununge manuk cecruwit ngoceh suka rena
Aneka warna iwak ing jembaring segara
dumadine saka Gusti Kang Ma Wisesa.
Candra kirana, lintang ing sidheming ratri
dalah sumoroting sang surya wanci raina
Wanci panas, udan lir gumanti sarwa asri
saisine alam donya tinitah dening Gusti.
Mangkono uga manungsa titah kang utama
datan luput tansah winengku Gustinya
Samya binerkahan sarwa sampurna
kebak kanugrahan kadya kang kinarsa.
JM, gagat esuk, 27220
dening eNPe
Wit-witan ing ngare lan lembah samya pigatekna
dununge manuk cecruwit ngoceh suka rena
Aneka warna iwak ing jembaring segara
dumadine saka Gusti Kang Ma Wisesa.
Candra kirana, lintang ing sidheming ratri
dalah sumoroting sang surya wanci raina
Wanci panas, udan lir gumanti sarwa asri
saisine alam donya tinitah dening Gusti.
Mangkono uga manungsa titah kang utama
datan luput tansah winengku Gustinya
Samya binerkahan sarwa sampurna
kebak kanugrahan kadya kang kinarsa.
JM, gagat esuk, 27220
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar