GUSTI NUNTUN MARING PEPADHANG

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2611349925810795&id=1684548218490975

Nadyan langit kalimput mendhung kandel lan mega,
ing sasirnanira tamtu padhang sumilak sanyata

Bakda jawah mijil kluwung, mengku janji prasetya,
sasisihing sisah ngantya sih rahmating Njeng Gusti kita.

Lamun prahara anrejang, peteng ndhedhet limengan,
yakina trusing wardaya, dhatenging pitulungan.

Rumentahing sihe Allah, cihnaning kawlasannya,
awit Gusti angandika, "Aja sumlang ing driya!"
 
Gusti nuntun maring pepadhang pra kaum,
sinung yekti rumentah mring umat sadarum.

JM, esuk kekes, 23220
    kadudud, kpj 198
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN