PANENE WUS GUMELAR

    kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2604868673125587&id=1684548218490975

Kadang tani rumagang samya,
samangkya suka-rena anambut kardi.
Adreng suka-sokur rumentahnya,
sinung berkah rahmating Gusti.

Satuhu panene wus gumelar,
enggala tumandang padha nderepi.
Payo kanca, mara den kanthi bingar,
Gya padha rumagang ngeneni.

Gya tumandanga anderepi,
bebarengan dadya kabungahane.
Gya rumaganga angeneni,
sumyaka bungah anindakake.

JM, lingsir wengi, 16220
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN