NGOWAHI KAPRIBADEN

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2614102495535538&id=1684548218490975

Ing satengahing kulawarga, sing ragil jenenge Yono kang dadi anak-kinasihe bapake tinimbang sedulur-sedulur liyane. Yono ditresnani banget dening bapake katitik nalika bapake kondur seka manca dioleh-olehi klambi sing elok dhewe tinimbang sedulur liyane.

Yono katon luwih bregas ing satengahe sedulur-sedulure. Iki amarga katresnane bapake mring Yono kepara banget lan luwih migatekake tinimbang para sedulure. Apa maneh Yono duwe sipat wadulan marang bapake bab kenakalane para sedulure. Ya iki sing njalari para sedulure sengit marang Yono.

Yono nyritake impene. Jroning ngimpi, gambarake lamun dheweke luwih dhuwur lan diurmati dening sedulur-sedulur liyane. Ya mesthi bae iki sangsaya ndadekake tambah sengite sedulur-sedulure marang Yono.
Rasa sengit sedulur-sedulure Yono mring dheweke rak ya temtu dudu patrap sing bener, senadyan iki patrap kang nora bisa diselaki?

Gusti Allah ngersakake lan paring pacoban mring kita kepriye anggon kita asih-angasihi ing antarane siji lan sijine. Yen padha dene sesengitan, apa ya isih duwe rasa asih ana jroning ati kita?

Ananging, apa ya ora lamun kita uga asring duwe patrap lan tumindak kaya mangkono?

Coba digagas kita nora seneng nyawang wong liya luwih misuwur, kita kerep medhit esem rikala wong liya luwih maju. Andadekake kita lepya mring upaya ngowahi kapribaden marga umyek nandhing-nandhingake karo wong liya.

Eliding tuladha,
Payo kita wiwit baka sethithik sinau nyingkirake pamikiran kaya mangkono mau. Aywa buwang-buwang tenaga amung kanggo nyengiti sapepadha, sabisaa kanggo bab kang luwih piguna.
Kita kudu bisa NGOWAHI KAPRIBADEN migunakake apa kang wus kaparingake dening Gusti Allah. Krana mangkono kita bisa luwih migunani lan dadi dalane berkah tumraping sapepadha lan kamulyaning Gusti.

Tentrem rahayu muga kasalira mring kita kang pinangkane amung saka Gusti Kang Maha Asih..... Amin!

JM, lingsir wengi, 26220
      dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN