PANGANGEN WATESING URIP
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2602511710027950&id=1684548218490975
Lamun digagas-gagas ana benere uga ya,
Akte Lahir... wujude Kertas.
Ijazah... uga Kertas.
Akte Nikah... Kertas.
Paspor... Kertas.
"Surat Hak Milik" Omah ... uga Kertas.
DHUWIT... uga Kertas.
Urip kita amung sarwa dikupengi dening Kertas-Kertas.
Kairing lumakune Wektu, Kabeh bakal kaSuwek, wusanane kaBuwang lan kaObong!
Pira bae cacahe wong-wong sedhih amarga "Kertas-Kertas" kang didarbeki iku?
Semono uga, Pira bae wong-wong sing banget olehe bagya lan ngawula mring "Kertas-Kertas" kang didarbeki iku?
Ananging...
Ana 1 (Sa) Lembar Kertas Kang Mokal bisa disawang dening Manungsa iku yaiku, "AKTE KEMATIAN" ne dhewe!
Mulane Manungsa iku ana Watese kang Mokal dheweke bisa anggayuh Wektu.
Ana 2 (rong) Bab kang Nora Salawase ana jroning pribadi ne Manungsa :
~ Samangsa Nom-nomane, lan
~ Kasantosane / karosane
Lan 2 (Rrong) Bab kang migunani tumraping saben wong :
~ Ati kang Mulya, lan
~ Ati kang loma ing Pangapura.
Uga 4 (patang) Bab kang bakal Ngangkat Derajad tumraping Wong :
~ Tumindak Lembah Manah,
~ Dhemen Ambage Elmu
~ Silaturahmi
~ Darbeki rasa Ajen-angajeni.
Ana 4 (patang) bab Wancine Urip kang nemplok ing dhiri Manungsa :
1. Wanci Puber, kita duwe Wektu
lan Kasantosan, ananging
nora duwe DHUWIT.
2. Wanci Makarya, kita duwe Dhuwit
lan Kasantosan, ananging
nora duwe "WEKTU"
3. Wanci Setengah Tuwa, kita duwe Dhuwit
lan duwe Wektu
nanging wus suda ing "KAROSAN"
4. Wanci Tuwa, kita duwe Wektu, nanging
nora duwe 'DHUWIT lan KAROSAN'
Tanjakna uripmu sabecik-becike, samangsa isih pinaringan napas!
Wang sinawang,
Kita tansah nduweni panemu dene uripe wong liya Luwih Becik tinimbang urip kita.
Mangkono uga wong liya duweni keyakinan dene urip kita Luwih Becik tinimbang karo uripe dhewe.
Bisa mangkono amarga kita NGLIRWAKAKE :
Sawijining bab penting dhewe jroning urip yaiku "RASA SOKUR APA KANG WUS KITA DARBENI."
Mula saka iku...
Resepana urip, sadurunge urip nora bisa diresepi / dinikmati.
Lan tansaha #Caos_Sokur tumrap sakabehing berkah lan Sih-rahmating Gusti.
Nadyan nora kesel kudu ngaso,
nadyan nora sugih uga kudu caos sokur.
Eling ., urip iki mung sedhela,
bakal tumeka tinimbalan ing titi wancine!
Aja lena nalika isih nom umurmu,
katimbalan nora kudu umur tuwa, bisa sawayah-wayah!
_*Salam tentrem-rahayu ing pangayunaning Gusti*_
JM, lingsir kulon, 13220
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar