MESEM JOK DIEMPET

 kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2609677729311348&id=1684548218490975

      Ayo mesem dhisik! 😂😁😂😂

Batur / Rewang sinebut uga Asisten RT.

Inem : "Bu nyuwun ngapunten nggih dinten menika bokmenawi dinten pungkasan kula ndherek ngrencangi ing ngriki"

Ibu : "Lho kenapa ta Nem apa kowe ora betah nang kene njur arep menyang endi?"

Inem :" Sakjane nggih betah bu, ning kula kepingin nggadhahi gaji sing langkung kathah kados tiyang2 sanes sinaosa sami2 dados rencang/pembantu".

Ibu :"O walahh... ya wis yen pancen iku tekad lan kepinginanmu aku ya ora bisa menggak. O ya... kowe arep nyambut gawe nang ngendi?"

Inem :"Kala wau kula nembe maca teng koran woro-woro yen wonten universitas pados tenaga pembantu rektor lan pembantu dekan, criyose
gajine welasan yuta pikantuk mobil & griya dhines. Nyuwun donga pangestune bu supados saged ketampi".

Ibu :" ????? ?????? 😆😆" karo ke-pingkel2.

Inem :"Lho ibu kok malah nggujeng ta disuwuni pangestu??!!.."

JM, madya raina, 21220
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-