TELUNG PRAKARA UTAMA

  kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2607433006202487&id=1684548218490975

Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan.

Pracaya mring Gusti tan was sumelang ing driya
Tatag tanggon nglawan panggodha awit Gusti kepareng ngreksa.

Panganti sumbering kakuwatan, nyirnakke uwas lan wedi
sumingkir salir karibedan lamun Gusti kang dipun anti.

Gedhe - gedhening sih-sutresna, yen rila ngurbanke nyawa
kanggo nglabuhi marang mitra, yeku dhawuhe Gustinira.

JM, lingsir wengi, 19220
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN