*DONGANE Si GARENG*
. ~postingan balen~
ing FB https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2616029545342833&id=1684548218490975
*GARENG* kepengin enggal Sukses, dheweke ndedonga...:
"Dhuh Gusti..., Kepareng kawula pundadosaken tiyang ingkang mligi mawi tepas-tepas kemawon arta sami dhateng piyambak...!"
*Jreeeng.....!!!*
Ora let suwe si GARENG dadi
*TUKANG SATE...*
Ora marem dadi kaya mangkono, si GARENG njur ndedonga maneh :
"Dhuh Gusti...., dadosaken kawula tiyang ingkang namung *Ngobahaken suku* sageda pikantuk rejeki.."
*Jreeeng.....!!!*
Dumadakan si GARENG dadi
*TUKANG JAHIT.*
Isih durung marem, Gareng dedonga maneh :
"Dhuh Gusti..., dadosaken kawula tiyang ingkang namung *Mendel Lenggahan* arta dhateng piyambak...!"
*Jreeeng.....!!!*
2 jam candhake si GARENG malih dadi
*TUKANG JAGA WC UMUM ING TERMINAL.*
Si Gareng kadya durung kapok isih duweni pepenginan nuli ndedonga maneh :
" Dhuh Gusti...., sapunika dadosaken kawula tiyang ingkang saged *Kengkenan Tiyang Sugih* dadosaken kawula tiyang ingkang saged ngereh piyambakipun kanthi bebas lan sasekecanipun...!
*Jreeeng.....!!!*
4 jam candhake si GARENG DADI
*TUKANG PARKIR.*
Isih durung marem si Gareng donga maneh :
" Dhuh Gusti...., kepareng sapunika kawula pundadosaken *Tiyang ingkang Mukti lan Mulya, saben tetiyang ingkang kepanggih tansah urmat lan ajrih dhateng kawula.*"
*Jreeeng.....!!!*
Ora let suwe si GARENG DADI
*DEBT COLLECTOR.*
"Dhuh Gusti ...., kok boten wonten leresipun..., dadosaken kawula tiyang ingkang *Nggadhahi Pandherek kathah*, dhateng pundi kemawon kawula kesah, para pandherek tansah nginthil...!"
*Jreeeng.....!!!*
sedina candhake si GARENG DADI
*TUKANG ANGON BEBEK.*
Tobaaatt-tobatt salah maneh,,, si Gareng nggrundel tetep ora marem, dheweke donga maneh...:
"Dhuh Gusti...! Nyuwun tulung ingkang pungkasan dadosaken kawula tiyang ingkang tansah *pun rubungi para Wanita...!*"
*Jreeeng.....!!!*
3 jam candhake si GARENG DADI
*TUKANG SAYUR KLILING...!!!*
kwk kwk kwk ...ckk ckk ckk.. !
.... wusanane si Gareng donga maneh :
"Dhuh Gusti...,,,,,
Kawula *Kapok* ndedonga nyuwun ingkang mboten-boten."
Saiki aku arep urip biasa-biasa bae .... *Kebak geguyonan sumyah lan tansah duwe rasa sokur kadya kang lagi maca tulisan iki...!*
*Jreeeeeng.....!!!*
Saiki sing maca tulisan iki mesam mesem dhewe.
*URIP IKI ORA KOK BAB APA KANG DI KABULAKE...*,
ANANGING..., SING PENTING..,
*BAB SEPIRA AKEHE KANG KITA SOKURI...!*
Muga-muga Migunani...!
Iya ora...Reng!... , mung guyonan bae lho.... Hahahaha... 😀😂😂😂😂
JM, sirep bocah, 080819
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar