Postingan

CIPTA-RIPTANE KANG NGEBAT-EBATI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3219018801710568/ Gusti Allah tansah mangandika marang cipta-riptaNe malah nalika kita ora krungu swara pangandikan-Ne. Panjenengane tansah mangandika salah sijine lumantar cipta-riptaNe. Langit kang gumelar amba kebak maneka warna kang endah lan ora padha pendhak dinane. Siang ratri lir gumanti iba ajeg tumatane. Srengenge tansah mlethek lan angslup temata ajeg ing wektune. Samubarang mau mratandhani dene Gusti Allah isih makarya lan terus makarya ana ing salir cipta-riptaNe klebu kita manungsa. Ora bisa denselaki dene isih akeh wong kang pracaya lan ngugemi dene jagadraya saisine iki dumadine marga sawijining lumakune prakara alam (proses alam) utawa marga kapinujon bae.  Lamun kita setitekake kanthi permati kapinujon liwat alam iku, kita bisa ngauningani kaajaiban lan kaelokan ing alam iku ora bakal dumadi yen ora ana kang anyipta lan angripta yaiku Sang Pancipta ya Gusti Allah Kang Maha Karya. T...

SAIBA MANGASTUTI SOKUR

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3217287435217038&id=1684548218490975 Saiba mangastuti sokur  wutah rah kita subur makmur gumelar samodra, endahing arga,  ijoning ngare, pasawahan rumesep ing driya. Ijoning arcapada, gebyaring dirgantara nyawiji endahing warna  elok, tentrem lan adhem ing nala negari kita teguh wijaya Saiba endahe gagat raina gumebyar cahyaning surya  lir sinambut sabawa peksi esem sekar arum mewangi JM, gagat bangun, 28322       dening eNPe          ..O.¿.O.. Betapa sungguh bersyukur  tanah air kita kaya dan subur; lautnya luas, gunungnya megah,  menghijau bukit, padang dan lembah. Bumi yang hijau, langitnya terang,  berpadu dalam warna cemerlang; indah jelita, damai dan teduh,  negara kita jaya dan teguh. Alangkah indah pagi merekah  bermandi cah'ya surya nan cerah, ditingkah kicau burung tak henti,  bunga pun tersenyum harum ber...

SUMEBAR WINIH ASIH

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3216478061964642/ Sumebar wayah esuk, sumebar winih asih sumebar wayah raina tumeka wayah surup. Kaantu pamethike wanci panen kita badhe suka-rena anggawa wohe.   Jroning abyoring sang surya, jroning limeng sinaput mendhung kita anyebar suka-rena ing karya. Wanci panen ayahan bakal purna kita badhe suka-rena anggawa wohe. Majua nadyan angel, sumebar katur Gusti nadyan jiwa sarira susah lan sayah. Nganti wekasane jaman, sinambut dening Gusti kita badhe suka-rena anggawa wohe. JM, lingsir wengi, 27322        dening eNPe     #####00##### Jarwane ing basa Indonesia, Sebar waktu pagi, sebar benih kasih, sebar waktu siang sampai senja. Nantikan tuaian pada musim panen, kita kan bersuka cita bawa buahnya. Di terik sang surya, di g’lap bayang awan kita pun menabur, riang bekerja. Nanti panen tiba, tugas akan usai, kita kan bersuka cita bawa buahnya. Maju walau sukar, menabur b...

BEBAYANE 'MANDI BOLA'

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3214341065511675/ Ing saperangan grup WA sumebar tulisan kang ngemu pameling kanggo wong-wong tuwa yaiku bab Bebaya 'Mandi Bola'. Para sutresna PBJ nuwun sewu, bokmenawa iki dawa critane nadyan wus karingkes kira-kira jarwane mangkene : Tembung 'Mandi Bola' ing basa Indonesia wus ora aneh maneh kanggo para wong tuwa kang kagungan putra cilik. Iku lo dolanane cah cilik sing nganggo bal-bal plastik gedhene kira-kira sakbal tenes didokok ing wadhah gedhe kaya 'kolam' (blumbangan). Bocah cilik kurang luwih saumuran balita padha njegur ing kolam sing isine pirang-pirang bal plastik. Sing arep kita rembug yaiku bebayane kumpulan bal plastik mau marga ana kadadean ing Bandung mangkene :   Pinuju dina prei Setu Minggu ana kedadean ibu-ibu ngajak putri kinasihe umur +/- 3,5 taunan dolanan 'Mandi bola' ing sawijining Mal. Ing sakawit putrine seneng banget keciblang-keciblung ing kolam bal plastik...

NGUNDURI SEPUH

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3213733975572384&id=1684548218490975 Priyayi wreda kanthi lumingsire yuswa, sarira lungse, sawernane sesakit wiwit rinasakake, diabet, asam urat, pegel-linu, mengguk lsp asring dadi sesambate. Ngunduri sepuh / lumingsire yuswa asring uga nggambarake jiwa krasa sepi (kesepen). Kumpul karo nom-noman ora nyambung. Ing ngomah bae mung glundhang-glundhung karo sisihane amarga para putrane wus duwe panguripan kulawarga dhewe-dhewe. Ing dina-dina sepuhe ginambarake kebak ing kasusahan, kalungkrahan lan swasana sarwa melas. Ananging.., gegambaran mau mujudake gegambaran kuna. Ing jaman milenial samengko iki, ngunduri sepuh iku mujudake nugraha. Para kaum wreda/sepuh, ing jaman saiki adoh saka kasepen. Ing kamajoning jaman utamane jaman kamajuan 'tehnologi informasi' kang sarwa 'digital' para wreda bisa kanthi mayar sesambungan silaturahmi, iwed ing tandang gawe olah sarira karo kanca-kacane saumuran. Gampang ...

MANUNGSA TITAH MULYA

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3211555125790269/ Sejatine manungsa mula bukane cinipta asipat kawignyan yaiku duweni sipat-sipat winasis lan mulya. Ananging, lamun migatekake lan nyetiteni solahe saperangan manungsa jaman saiki, bokmenawa wus ora gampang maneh ngarani dene manungsa iku titah/makluk kang mulya.  Lha ya kepriye yen ora mangkono, sajroning kahanan pageblug C-19 kang abot sanggane iki, isih bae ana wong-wong srakah sing tansah golek kepenake dhewe ora klebu nalar gawe kasengsarane wong liya. Conto sing bener-bener tetela yaiku lenga goreng regane mlangkring mundhak larang ora katulungan kang wekasane nggered reregan barang-barang kapreluan dhasar liyane dadi mlangkring uga, bisa-bisa mlebu ing mangsa paceklik; 'investasi bodong' lan iming-iming mawa 'robot penghasilan' sing sarwa ora klebu nalar sehat, lan tumindak culika liyane. Kasunyatan iki mahanani wujuding tandha dene manungsa kelangan kamulyane saka dene sipa...

PACEKLIK lan KLENTIK

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3209281472684301&id=1684548218490975 Tembung PACEKLIK kondhang ing taun 1960-an yaiku mangsa kang larang pangan utawa mangsa paceklik.  Ing mangsa paceklik nalika samana reregan larang tumraping barang kapreluan utama pangan (beras, jagung, gula, lenga goreng, lenga tanah lsp). Jalarane barang-barang kasebut ing pasaran angel golek-golekane, nganti masarakat kepeksa kudu antri tumruntun dawa malah padha suk-sukan.  Ee la dalah.., kok jaman kang sarwa maju saiki iki ngalami uga kaya mangkono. Yen kita nonton tv lan medsos wah saben dina disuguhi warta-warta masarakat padha antri amung saprelu bisa tuku lenga goreng sing jarene murah??  Yen miturut warta ing tv, jarene pasokan lenga goreng langka ing pasaran bareng pamarentah nemtokake wates rega eceran (h.e.t), wah wah dadi mbundhet kaya benang ruwet! Nahh..., nitik kahanan kaya mangkono masarakat padhadene njerit sambat angel bisa tuku le...

PAYUDAN AGAWE KURBAN KUSUMA BANGSA

    kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3208543139424801&id=1684548218490975 Donya katisen, gumregut kaku tentrem kang sanyata datan tinemu Pangrudapeksa kejeming panyiksan samengko datan mendha lan kandheg Iba ambek-siya seserikan ing sapepadha nora nggugu panyaruwene masarakat donya Payudan amung gawe sangsarane pra kawula tan kapetung kurban kusuma bangsa Apa iya kasrakahan pangwasa ngrudapeksa hardaning angkara murka? Jeriting donya sesambat ing tinakdir pra umating nagari mlayu sipat kuping JM, bangun esuk, 16322       dening eNPe Jarwa ing basa Indonesia ,   PEPERANGAN membawa JATUH PAHLAWAN BANGSA Dunia kedinginan, kaku membeku damai yang sejati tiada bertemu. Gelombang kekerasan, siksa tirani Sampai masa kini tidak berhenti. Betapa bengisnya kedengkian atas sesama tak mau tahu kecaman masyarakat dunia Peperangan menjadikan rakyat menderita tak terhitung kurban berjatuhan pahlawan bangsa Akankah kesrakahan penguwasa...

TUMINDAK PIAWON SANGSAYA NGAMBRA-AMBRA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3207149669564148/ Kenging punapa tumindak piawon sangsaya ngambra-ambra? Wangsulanipun, amargi manungsa sampun boten ajrih malih kalihan Gusti Allah, malah boten pitados kuwaosipun Gusti Allah. Katitik lan kauningani bilih tiyang wangkot, salebeting nala boten angakeni wontenipun Gusti, 1. boten wonten tumindak kasaenan 2. boten wonten sakedhika madosi wontenipun Gusti 3. boten ngrumaosi wonten kuwaosipun Gusti lan tansah adamel piawon 4. boten ngrumaosi panganthi lan pangayomanipun Gusti Seselak dhateng kawontenan kuwaosipun Gusti andadosaken manungsa gesang ing panguwaos dosa tebih saking kaleresaning Gusti Allah. Manungsa sangsaya ngegungaken dhirinipun piyambak, boten manggihi bilih tumindakipun leres lan sae, wontenipun namung mursal tumindak sarwa awon awit manahipun kebak kuwaosing iblis/dosa. Kados makaten punika ingkang anjalari tumindak piawon lan kadurakan ngambra-ambra. Boten anggadahi pamrat...

PARA TARUNA GAYUHEN KAWIJAYANMU!

  kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3205759979703117&id=1684548218490975   Setitekna he kaum taruna donya anantang awakmu aywa nglokro, enggala maju! payo upayanen terus! Datan pepalang, datan pambengan kita ngupaya mesthi wijaya. Payo taruna enggala sigrak gayuhen kawijayanmu! Rungokna tetangis, jeriting nusuk kalbu saka sangsara lan remeh, payo upayanen terus! Waspadakna kang ngrantam wong cilik lan papa kadurakan katon mlaha, payo upayanen terus! Mungsuh kang kasingkir tinggalen kang papa nedya dibela, payo upayanen terus! Datan pepalang, datan pambengan kita ngupaya mesthi wijaya. Payo taruna enggala sigrak gayuhen kawijayanmu! JM, madya raina, rolas mar rolikur        rinakit dening eNPe kadudud sumber NKB 209  ing basa Indonesia : Simaklah hai pemuda, dunia menantangmu jangan lesu, cepatlah maju! mari berjuanglah terus! Tiada penghalang tiada perintang kita berjuang pastilah menang Ayo pemuda, ikut seg'ra...

ROTI PANGGANG GOSONG -pitutur endah-

    kaunggah uga  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3204002139878901/ Rikala cilikanku ibu asring nyawisake sarapan lan madhang bengi. Sawijine dina sawuse ibu sedina muput ngayahi darmaning kulawarga njur nyawisake piring isine endhog, saus lan roti panggang sing gosong ing meja dhahar.     Wektu iku aku ngenteni apa sing bakal kedaden. Nanging bapakku mundhut roti gosong mau karo dioser-oseri saus nuli mesem marang ibu karo ndangu kahananku ing sekolah.     Sapungkurku saka meja dhahar mau, aku krungu yen ibu ngendika nyuwun pangapura marang bapak marga rotine gosong.  Lan sing ora bakal dak lalekake bapak paring wangsulan "Bune sayang, aja kuwatir....aku seneng roti panggang sing gosong lho".    Sadurunge aku mapan turu, aku nyedhaki bapak saprelu ngaturake sugeng dalu lan matur apa bapak bener-bener remen lan kersa roti panggang gosong? Bapak ngekep aku tumuli ngendika :"Le.., ngertia ibumu sedina muput wus sengkut ngay...

Pasemon TEH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3202077283404720&id=1684548218490975 Sawijining wektu ana bocah lanang nemoni ibune sesambat lamun ing uripe tansah nemoni reribet. Ananging iba kaget lan jengkel dene ibune mendel bae kaya-kaya nora mirengke sesambate. Sang ibu malah tindak menyang pawon nggodhog banyu njur nyepakake gelas 3 cacahe. Gelas-gelas mau nuli diisi banyu sing wis umob. Gelas kapisan kacemplungi wortel, gelas kapindho kacemplungi endhog lan gelas pungkasan kacemplungi teh. Sawuse ngenteni sawetara suwe apa kang kedaden ing telung gelas mau? Gelas sepisan : wortel sing maune atos dadi lemes / empuk Gelas kapindho : endhog sing gampang pecah dadi atos mrengkel Gelas kaping telu : ndadekake ganda arum wangi. Banjur sang ibu ngendika paring pitutur : "Ngertia ngger ... LELAKONING URIP IKU KADYA BANYU UMOB... nanging tumindak kita kang bisa ndadekake gawe ala lan becik". Wortel lan endhog nora bisa njalari banyu umob owah ananging ...