ROTI PANGGANG GOSONG -pitutur endah-
kaunggah uga https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3204002139878901/
Rikala cilikanku ibu asring nyawisake sarapan lan madhang bengi. Sawijine dina sawuse ibu sedina muput ngayahi darmaning kulawarga njur nyawisake ing meja dhahar piring isine endhog, saus lan roti panggang sing gosong.
Wektu iku aku ngenteni apa sing bakal kedaden. Nanging bapakku mundhut roti gosong mau karo dioser-oseri saus nuli mesem marang ibu karo ndangu kahananku ing sekolah.
Sapungkurku saka meja dhahar mau, aku krungu yen ibu ngendika nyuwun pangapura marang bapak marga rotine gosong.
Lan sing ora bakal dak lalekake bapak paring wangsulan "Bune sayang, aja kuwatir....aku seneng roti panggang sing gosong lho".
Sadurunge aku mapan turu, aku nyedhaki bapak saprelu ngaturake sugeng dalu lan matur apa bapak bener-bener remen lan kersa roti panggang gosong? Bapak ngekep aku tumuli ngendika :"Le.., ngertia ibumu sedina muput wus sengkut ngayahi gawean kang abot, samesthine sayah banget. Sairis roti panggang gosong ora bisa nyerikake sapa bae!. Sumurupa le apa sing bisa gawe seriking ati? yaiku 'tetembungan kasar'!"
Ngertia uga le, urip iku kebak samubarang lan manungsa kang ora sampurna. Bapak uga dudu wong sing apik dhewe ing kabeh prakara, kadhang lali ambal warsane ibumu, ulang tahun pernikahan lan sapiturute kaya wong-wong liyane. Sing bapak sinaoni bisaa nampa kakurangane/kaluputane liyan bisaa milih ngajeni apa sing sarwa beda ing antaraning kita.
Iku kang mujudake kunci urip tentrem lan rukun sapepadha.
Urip iku mung sedhela kanggo ngisi rasa kaduwung & benci.
Mula mangkono, Tresnanana sapa bae, ya sing gawe apik samono uga sing gawe ala, yen prelu tresnanana mungsuh2mu.
Uripa kanthi seneng...
Sing katone endah iku asipat ora langgeng, kang langgeng awujud kenangan...
Kang iklas lan tulus iku ana ing jroning nala...
Nora gampang nggoleki sing wus ilang...
Nora gampang anggayuh kang sinedya/dipepingini...
Ananging kang luwih angel iku ngreksa/njaga apa kang wus ana lan kita duweni, aja nganti mrucut saka genggeman.
Elinga ana pitutur mangkene :
"Yen sliramu ora duwe sing kok senengi, coba senengana apa sing wus kok darbeki!"
Aja memelik marang darbeke liyan. Bisaa nampa apa anane lan mikira kang sarwa becik.
Omah kang sarwa wah kadidene kraton, raja brana sagunung, pangkat jabatan dhuwur kabeh mau asipat titipane Gusti Allah... dene nalika ajaling tumeka katimbalan Kang Ma' Kawasa..., ora ana sawiji-wijia sing bisa kacangking.
Apa sing arep diagul-agulake? Apa sing arep dadi rebutan ing ngalam donya iki?
Mulane ayo padha nglakoni urip iki kanthi rasa sokur, aja kakehan petungan jlimet.
Aja menange dhewe, aja gawe serike mring liyan.
Coba padha dipersudi, ora ana dina tanpa rasa asih mring sapepadha, tansaha krana tulusing ati bisa ngalah..., ngalah dhuwur kamulyane!
Buangen kabeh rasa aboting urip kanthi suka rena....
Ora ana sing ora bisa dieklasake....
ora ana seriking ati sing ora bisa diapura....
ora ana rasa sengit sing ora bisa kabuwang.
-kajarwaake saka kirimane kadang grup WA taun 2016-
lan wus nate kapacak ing http://enpeoke.blogdetik.com/2016/03/26/roti-panggang-gosong (emane blogdetik-e wus tutup)
JM, sirep jalma, 090322
dening eNPe
Jarwane ing basa Indonesia :
Sewaktu kecilku ibu sering menyiapkan sarapan dan makan malam. Pada suatu hari setelah seharian ibu mengerjakan tugas keluarga kmd menyiapkan di meja makan piring berisi telur, saus dan roti bakar gosong.
Saat itu aku nunggu apa yg akan terjadi. .Tapi bapakku ambil roti bakar yg gosong tsb dengan mengolesi saus, kemudian senyum pada ibu sembari menanyakan keadaanku di sekolah.
Selepas aku dari meja makan, aku dengar kalau ibu berkata minta maaf kalau kuwenya gosong.
Dan yg tdk bisa aku lupakan bapak menjawab, "Istriku sayang, jangan takut.. aku senang roti bakar gosong itu"
Sebelum aku pergi tidur, aku mendekati bpk guna menyampaikan selamat malam dan tanya apa bapak benar suka roti gosong? Bapak lngsung memelukku dan mengatakan, "Ketahuilah nak, ibumu sehari penuh sdh mengerjakan dengan sungguh2 semua pekerjaan rmh tangga yg berat, mesthinya sangat capek. Dengan sepotong roti gosong ini tdk bisa menyakiti siapa saja! Mengertilah nak, apa yg bisa membuat sakit hati? yaitu "kata2 kasar!"
Ketahui juga, hidup ini penuh segala macam hal dan manusia yg tidak sempurna. Bapak juga bukan orang yg paling baik untuk segala perkara, kadang lupa ulang tahun ibumu, ulang tahun pernikahan dsb seperti orang2 lainnya. Yang bapak pelajari hendaklah bisa menerima kesalahan/kekurangan orang lain, bisa memilih menghargai segala perbedaan diantara kita. Itulah merupakan kunci hidup tentram dan damai dengan sasama.
Hidup itu hanya sebentar guna mengisi rasa menyesal & kebencian.
oleh karena itu, Kasihilah sesamamu siapa saja, baik tg sdh bikin kebaikan maupun kesusahan, kalau lerlu kasihilah musuh2mu!
Hiduplah dengan gembira...
yang kelihatan indah itu sifatnya sementara, yang langgeng itu berupa 'kenangan'!... Yang iklas dan tulus itu ada didalam hati..
Tidak gampang nyari yg sudah hilang..
Tidak mudah meraih ap yg diinginkan....
Tetapi yg lebih sulit adalah menjaga apa yg sudah ada dan kita miliki jangan sampai terlepas.
Ingatlah ada sebuah ajaran :
"Kalau engkau punya yg tidak kau sukai, cobalah kau sukai apa yang sudah kau miliki!"
Janganlah menginginkan ( dengan paksa) miliknya orang lain, harus bisa menerima apa adanya dan berpikirlah serba baik.
Rumah yang serba mewah seperti kerajaan, harta benda melimpah, pangkat jabatan tinggi semua itu titipan Allah... saatnya ajal tiba... tidak ada satupun yg bisa dibawanya. Apa yg akan di agung2kan? Apa yg akan diperebutkan di dunia ini?
Maka, marilah menjalani hidup ini dengan penuh rasa syukur, jangan kenyakan perhitungan. Jangan menang2an sendiri, jangan suka menyakiti hati orang lain.
Cobalah belajar.., tidak ada hari tanpa rasa kasih kepada sesama, selalulah mengalah secara tulus hati...
Singkirkanlah rasa beban hidupmu dengan suka cita....
Tidak ada yang tidak bisa diiklaskan...
tidak ada rasa sakit hati yg tidak bisa dimaafkan....
tidak ada rasa benci yg tidak bisa dibuwang.
Komentar
Posting Komentar