PAYUDAN AGAWE KURBAN KUSUMA BANGSA

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3208543139424801&id=1684548218490975


Donya katisen, gumregut kaku

tentrem kang sanyata datan tinemu

Pangrudapeksa kejeming panyiksan

samengko datan mendha lan kandheg


Iba ambek-siya seserikan ing sapepadha

nora nggugu panyaruwene masarakat donya

Payudan amung gawe sangsarane pra kawula

tan kapetung kurban kusuma bangsa


Apa iya kasrakahan pangwasa

ngrudapeksa hardaning angkara murka?

Jeriting donya sesambat ing tinakdir

pra umating nagari mlayu sipat kuping


JM, bangun esuk, 16322

      dening eNPe


Jarwa ing basa Indonesia,

  PEPERANGAN membawa JATUH PAHLAWAN BANGSA

Dunia kedinginan, kaku membeku

damai yang sejati tiada bertemu.

Gelombang kekerasan, siksa tirani

Sampai masa kini tidak berhenti.


Betapa bengisnya kedengkian atas sesama

tak mau tahu kecaman masyarakat dunia

Peperangan menjadikan rakyat menderita

tak terhitung kurban berjatuhan pahlawan bangsa


Akankah kesrakahan penguwasa

memaksakan kehendak keangkara murkaan?

Dunia sungguh menjerit meratapi nasib

para umatnya lari tunggang langgang

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN