NGUNDURI SEPUH

   kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3213733975572384&id=1684548218490975


Priyayi wreda kanthi lumingsire yuswa, sarira lungse, sawernane sesakit wiwit rinasakake, diabet, asam urat, pegel-linu, mengguk lsp asring dadi sesambate.


Ngunduri sepuh / lumingsire yuswa asring uga nggambarake jiwa krasa sepi (kesepen). Kumpul karo nom-noman ora nyambung. Ing ngomah bae mung glundhang-glundhung karo sisihane amarga para putrane wus duwe panguripan kulawarga dhewe-dhewe.


Ing dina-dina sepuhe ginambarake kebak ing kasusahan, kalungkrahan lan swasana sarwa melas.

Ananging.., gegambaran mau mujudake gegambaran kuna. Ing jaman milenial samengko iki, ngunduri sepuh iku mujudake nugraha.


Para kaum wreda/sepuh, ing jaman saiki adoh saka kasepen. Ing kamajoning jaman utamane jaman kamajuan 'tehnologi informasi' kang sarwa 'digital' para wreda bisa kanthi mayar sesambungan silaturahmi, iwed ing tandang gawe olah sarira karo kanca-kacane saumuran. Gampang oleh mitra anyar, lan yen mitra anyar mau saiyeg, sasedya, sagolong ing pamikir prayoga enggal bisa dadi sadulur sinarawedi. Ing sabanjure paseduluran iku sangsaya tambah ngrembaka tumekane dadi pakumpulan kang nyawiji kasenengane. Wekasane uripe dadi krasa sumyah sumringah.


Samengko, para priyayi sepuh akeh sing padha mlebu pakumpulan olahraga, wisata, kasenian lsp tanpa nyuda panguripan kaagamane, ngibadah bebarengan kebak tepa slira.


Kang maune nandhang diabet, asam urat lan sajinise, bisa dadi luwih kuwat lan kasantosan awit ketemu karo mitra kadang kang duweni panandhang padha njur samidene andum pangalaman, aweh panyemangat lan panglipur. 


Sepuh iku wus mesthi, nanging nglokro geguletan karo kasedhihane sarwa nalangsa iku tumraping pilihan priyayi sepuh kang ora bisa mamuji sokur. Uwit sengon saya tuwa saya gapuk, kenapa ora milih uwit jati? Sangsaya tuwa sangsaya kuwat lan akeh sing nggoleki, regane sangsaya larang.


Coba pigatekake kaum ibu-ibu kang wus kagungan putu-wayah ora kalah nggaya 'modis, ngetren, updet' karo kaum 'abegeh'. Iku ora kok lepya ing umur, nanging sejatine lagi menikmati urip nugrahane Gusti.

Kadya sesorah "MELAWAN LUPA!", "AJA KELALEN!" iku kang den udi lan dumadi ing uripe kaum wreda ya kaum adi yuswa, muga-muga dirga ing yuswa kang kebak berkahing Gusti.. Amin 🙏


JM, telu likur mar rolikur

kajarwakake dening eNPe


MENUA DI ERA MILENIAL

Makin bertambah usia, badan melemah, berbagai penyakit mulai terasa. Diabetes, asam urat, darah tinggi, adalah kosa kata ketuaan. 


Menua pun sering digambarkan makin kesepian. Berkumpul dgn anak-anak muda ga nyambung. Di rumah cuma berdua dengan istri atau suami karena anak-anak sudah punya kehidupan masing-masing.


Hari-hari tua digambarkan dengan penuh kesenduan, muram, suasana memelas.

Tapi semua gambaran di atas adalah gambaran kuno. Di zaman milenial sekarang ini, menjadi tua adalah anugrah tersendiri.


Orang-orang tua sekarang jauh dari kesepian. Dengan akses komunikasi yang makin luas, para orangtua bisa dengan mudah bersosialisasi, berhimpun, beraktifitas, dengan teman-teman seumur. Sangat mudah mendapat kawan baru. Dan bila kawan baru itu seminat dan seselera, segeralah menjadi sahabat. Lalu persahabatan dan perkawanan itu makin bertambah anggotannya. Hidup terasa meriah.


Sekarang, para orangtua banyak berhimpun di klub-klub olahraga, turing, musik, tanpa mengurangi kegiatan spiritual dan keagamaan seperti ibadah bersama.


Mereka yang terkena diabetes, asamurat, darah tinggi, menjadi lebih kuat dan berdayatahan tinggi karena bertemu kawan dan sahabat yang mengalami hal yang sama, lalu berbagi informasi, rekomendasi, saling menyemangati dan menghibur. Tua itu pasti, tapi bermuram-muram dan nelangsa itu pilihan orangtua yang tidak mampu bersyukur. Pohon alba makin tua makin rapuh, kenapa tak memilih pohon jati? Makin tua makin kuat dan makin dicari. Makin mahal.


Lihat itu bunda-bunda yang sudah pada bercucu tak kalah modis, ngetrend, dan updet daripada para abege. Mereka bukan sedang lupa usia, mereka sedang menikmati anugrah Tuhan.

Ayo "Melawan lupa!" itulah yg di cari dan yg terjadi didalam hidupnya kaum tua, semoga panjang usia penuh berkah Tuhan... Amin


Tua itu anugrah, yang hanya diberikan kepada manusia-manusia yang hidup lama. 


Jadilah orangtua yang keren.


Selamat mensyukuri kehidupan.🙏🌹

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN