PAUKUMAN lan KASANGSARAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3201506163461832/


Paukuman lan kasangsaran iku mujudake wohing kang kapethik yen pepeling lan pangancam nora digatekake kepara linirwakake.

Ana  tetembungan kang unine, "Uwong kudu bisa ngreksa kabecikane, awit iku pawitan apik ing panguripane". Ngemu teges uwong iku kudu tansah tumindak kabecikan jer tundhone bakal methik wohing pakarti kang becik, kosok baline sing nora ngreksa kabecikan bakal ngundhuh uga piala ing uripe.

Ati gumunggung nora ngestokake dhawuhe Gusti, datan nate ngibadah lan datan ngamulyakake Asmane Gusti iku patrap lan padatan ala manungsa kang wusanane anggawa kahanan ketaman ing paukuman lan kasangsaran.


Nora bisa diselaki dene nalika wektu wewengan (kesempatan, Ind) wus kaliwatan, sajroning sakedhep netra samubarang kang diagul-agulake, kasantosan, kamisuwuran, kakuwasaan lan apa kang sinedya bakal musna (ilang tanpa lari).

Wong-wong liya sing maune dadya mitra-kadang kang tansah setya aweh panjurung mbalik dadya mungsuh kang bisa jlomprongake. Bab iku bisa andadekake rasa serik ing ati lan rasa wirang.


Sumangga kita samya nyingkuri solah bawa lan padatan-padatan kadurakan kang blasar saka kersane Gusti kang anjalari katandukake ing bebendu paukuman lan kasangsaran. 

Eling! wektu wewengan iku nugrahaning Gusti, aja nganti linirwakake, supaya bisa methik wohing kadarmane Gusti, dudu bebendu paukuman lan kasangsaran. (linandhesan Rum 1:18-21)

Eliding crita, nuladhani mring kita kanggo mratobat samangsa isih ana wektu wewengan supaya kita kasinungan urip tentrem rahayu.


JM, minggu, nem mar rolikur

          dening eNPe


jarwane ing basa Indonesia,

Hukuman dan penderitaan adalah buah yang dipetik bila peringatan atau teguran diabaikan. 

Ada kutipan bijak, "Orang harus menjaga kebaikannya, karena itu adalah investasi yang baik bagi kehidupan". Artinya, orang yang selalu berbuat baik, pasti menuai kebaikan sepanjang hidupnya. Sebaliknya, orang yang tidak menjaga kebaikannya, tentulah akan menuai keburukan. Tinggi hati, tidak mendengarkan Tuhan, tidak beribadah kepada Tuhan, dan tidak memuliakan nama Tuhan adalah sifat dan kebiasaan buruk manusia yang pasti membawanya kepada hukuman dan penderitaan.


Tidak bisa dipungkiri bahwa ketika kesempatan berlalu, dalam sekejap semua kebanggaan, kejayaan, kekuasaan, dan harapan akan hancur. 

Pihak luar yang biasanya dijadikan sebagai kawan dan membawa upeti berbalik menjadi musuh yang bisa  menjebak. Hal itu menimbulkan rasa sakit dan malu.


Marilah kita menjauhkan diri dari perilaku dan kebiasaan-kebiasaan kefasikan yang bertentangan dengan kehendak Tuhan yang dapat mendatangkan hukuman dan penderitaan! Ingat! Kesempatan itu anugerah Tuhan, jangan diabaikan, agar kita menuai kebaikan-kebaikan Tuhan, bukan hukuman dan penderitaan. (ref. Rom 1:18-21)

Hal ini mengajarkan kepada kita untuk bertobat selagi masih ada kesempatan agar kita memperoleh ketentraman dan keselamatan. 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN