PACEKLIK lan KLENTIK
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3209281472684301&id=1684548218490975
Tembung PACEKLIK kondhang ing taun 1960-an yaiku mangsa kang larang pangan utawa mangsa paceklik.
Ing mangsa paceklik nalika samana reregan larang tumraping barang kapreluan utama pangan (beras, jagung, gula, lenga goreng, lenga tanah lsp). Jalarane barang-barang kasebut ing pasaran angel golek-golekane, nganti masarakat kepeksa kudu antri tumruntun dawa malah padha suk-sukan.
Ee la dalah.., kok jaman kang sarwa maju saiki iki ngalami uga kaya mangkono. Yen kita nonton tv lan medsos wah saben dina disuguhi warta-warta masarakat padha antri amung saprelu bisa tuku lenga goreng sing jarene murah??
Yen miturut warta ing tv, jarene pasokan lenga goreng langka ing pasaran bareng pamarentah nemtokake wates rega eceran (h.e.t), wah wah dadi mbundhet kaya benang ruwet!
Nahh..., nitik kahanan kaya mangkono masarakat padhadene njerit sambat angel bisa tuku lenga goreng sing disubsidi. Iba mrihatinake yen nyipati kahanan iki. Apa iya iki tandha-tandhane mangsa paceklik sing digambarake kadya ing taun '60-an ?? Mung bedane yen taun 60-an pancen barang-barang bener langka, dene jaman saiki langka nanging apa pancen bener-bener langka, prelu dibuktekake!. Para sutresna bisa paring pambiji dhewe-dhewe adhedhasar apa kang dipirsani.
Ing tv malah kawartake ing daerah ana sawijining pakumpulan ibu-ibu yasa lenga KLENTIK saka klapa tuwa sing diparut dicampur banyu njur diperes awujud santen terus digoreng nganti metu lengane. Lenga peresan mau sing jenenge KLENTIK kanggo lenga goreng diwungkusi plastik njur diandum ing antarane anggota pakumpulan lan uga masarakat liyane bisa tuku klawan rega sing klebu murah.
Nyipati kahanan kadya mangkono, sing dadi pitakonan, kenapa kok bisa-bisane kamangka jaman saiki akeh wong pinter?
Kepriye jal..., apa iya wong-wong sing jarene pinter /wasis ing babagan iki bisa ngatasi kanthi becik nganti kabutuhan dhasar masarakat iki bisa pulih maneh, masarakat bisa urip tentrem kerta raharja ora ana sing kaliren, rukun ora padha udrek-udrekan rebut menange dhewe. Rasa kaadilan lan katentreman masarakat iku sanyata ora bisa diuthik-uthik dening sapa bae kang tundhone bisa bebayani kanggo urip bebrayan ing tengahing rakyat sawijining nagara.
Ayo kita sayuk-sayuk rukun bebarengan padha nyengkuyung upayane pamarentah lan para prangkate bisa ngentasake kahanan paceklik iki kanthi wicaksana lan adil kanggo mulyaning NKRI.
Sumangga para sutresna PBJ 👍
Gusti amberkahi... Amin 🙏
JM, gagat bangun, 17322
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar