SALIR CINIPTAN GUSTI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3199740466971735&id=1684548218490975
Waspadakna wit-witan ing pereng lan ngare
padununge iwèn dalah manuk ngoceh asuka
maneka warna iwak ing ambaning samodra
salir ciniptan Gusti ing sadhengah padunungan.
Uga manungsa ciniptan utama
datan satunggala kalepyan, sadaya rumeksaNya.
Samudaya binerkahan Allah Sang Rama
sinung nugraha nayogyani punagyaNya
Cahyaning sasadara, kartika ing sepining ratri
wanci siyang sang bagaskara sumunar sumyah
Ketiga lan rendheng gumanti semi
Saliring alam Gusti kang anyinungi
JM, sirep bocah, 3322
kajarwa dening eNPe
kadudud saka PKJ 56 (Yamuger),
PKJ 56
Lihatlah pohon-pohon dibukit dan lembah.
Tempat unggas dan burung berkicau gembira.
Aneka ragam ikan dilaut yang luas.
Semua ciptaan Tuhan dimanapun juga.
ref :
Dan juga manusia ciptaan utama.
Tak satu terlupakan, semua dijagaNya.
Semuanya diberkati oleh Allah Bapa.
Anug’rah diberikan sesuai janjiNya.
Cahaya bulan, bintang dimalam yang sepi.
Diwaktu siang hari sang surya berseri.
Kemarau dan penghujan berganti bersemi.
S’luruh alam semesta Tuhan yang memberi.
Komentar
Posting Komentar