WEWALER PANGECER SADEAN GAS LPG 3 KG

     kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18PSKReHTo/

Breaking News

Para pamiyarsa sutresna basa Jawi, Pamarentah resmi ngawisi/matesi warung-warung para pangecer sadean gas LPG 3 kg wiwit 01 Februari 2025. Wewaler kawicaksanan punika ngedahaken masarakat tumbas gas melon namung ing pangkalan utawi agen resmi Pertamina.


Dhosen Ekonomi Energi UGM Ngayogjakarta, Fahmy Radhi ngendikakaken bilih sawetawis wekdal kapengker warung-warung alit minangka pangusaha wong cilik ingkang pados rejeki mawi sadean LPG 3 kg. "Wewaler tumrap pangecer nyade gas LPG 3 kg estu-estu mejahi usahanipun!", ngendikanipun sacara resmi dinten Ahad, 2 Februari 2025.


Miturut Fahmy, pangusaha wong cilik saged kecalan pengasilan, tundhonipun saged njalari pangangguran lan ndadosaken tambahing barisan masarakat miskin. "Nglengkara/mokal minangka pengusaha wong cilik ngewahi dados agen pangkalan resmi Pertamina awit mbetahaken pawitan arta ingkang mboten sakedhik kangge mbayar tumbas LPG gunggungipun kathah", imbuh pangandikanipun Fahmy.


Fahmy, dhosen Ekonomi Energi UGM anganggep wewaler pamarentah ngawisi pangecer nyade gas LPG 3 kg kedah punwurungaken. Awit punika boten piturut janji presiden Prabowo kang mehak rakyat alit. Presiden Prabowo prayoga ngaruhaken (negur) dhateng Bahlil, Menteri ESDM supados boten mbingungaken.

Saderengipun, Yuliot Tanjung, Wakil Menter ESDM ngandharaken bilih tujuan aturan kalawau supados pasokan pener dhateng ingkang nggadhahi hak. Makaten ugi regi eceranipun piturut kaliahan aturanipun.

Dene Mensegneg Prasetyo Hadi benten malih pemanggihipun. Miturutipun, aturan kawicaksanan kalawau kangge nata peneripun subsidi ngener sasaran ingkang hak nampi subsidi.

Cathetan enggal :

  Kapireng ing warta Metro TV, estunipun Menteri ESDM katimbalan Presiden lan nampi arahan presiden wiwit sonten punika 4 Februari 2025 pengecer saged sadean malih gas LPG 3 kg punika lan badhe pundadosaken 'sub pangkalan' pundhaftar resmi.


Sumangga kita angiring lampahing kawicaksanan punika supados mboten mlenceng saking rel temahan suburipun tumindak korupsi.


Makaten para pamiyarsa menggahing warta ingkang saged kaaturaken ing ngarsa panjenengan sadaya. Mbokbilih wonten kirang patitis lan ceweting tembung, kula nyadhong agunging pangaksama... nuwun.. nuwun lan matur nuwun 🙏🙏 ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍


sumber pawarta kadudud sakinghttps://www.tempo.co/ekonomi/lpg-3-kg-dilarang-dijual-di-pengecer-ekonom-ugm-usaha-kecil-terancam-gulung-tikar-1201852


JM, sandya kala, 04225

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN