KAPAN BISÅ NGICIPI BANGKU SÊKOLAH?
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1BViLVnLkh/
Ing panduluku ånå sakumpulan bocah
sandhangan amõh, põlõs lan sumringah.
Umur sapantaran, pitakõn jroning ati sêmplah
nganti kapan biså ngicipi bangku sêkolah?
Kabutuhan urip sangsåyå nêkak gulu iki
nganti kapêkså anak-anak mèlu mburu rêjêki.
Nglêngkårå twin musprå sêkolah kang kaèsthi
kapan kaum darmawan ngulungke bantuan puniki?
Sang Panciptå ngasihi anak-anak påpå,
ngarsake biså uwal såkå nandhang cintråkå.
Gusti anggêgulang punabdi sagêdå ambukå nålå,
ngêntasakên kasèkèngan ngulungakên astå.
Ayo samyå wigati, paring wêwêngan,
tumraping anak-anak bisoå mambu sêkolahan.
Mikulå twin rumêksåå anak-anak ing kabutuhan
murih biså ngicipi sinau ing pawiyatan.
JM, lingsir wengi, 08225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar