URIP SARWA PRASAJA ING PADESAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/167PQN9jsF/
Esuk-esuk para kadang tani gegancangan menyang tegalan lan sawah nyangking pacul nyengkelit arit nindakake darmaning urip.
Swara jangkrik, kodhok, wangwung lan ocehan manuk cecruwit kadya aluning orkestra kang gawe anylesing wardaya / nala. Ing brang wetan suwalike ardi katon sumoroting cahya kuning sang bagaskara lingsem jemedhul kesaput mega.
Kumricik iline banyu ing galengan, manda-manda / lamat-lamat kluruke jago keprungu saka kadohan ing pojok desa.
Bebarengan karo kadang sadesa kang Bejo kairing yu Surti sisihane gleyang-gleyong klaweyan tangane tumuju sawah garapan kagungane pak Lurah.
Yu Surti nuju gubug pinggir sawah ndelehake bontotan sangu sauba rampene ing lincak. "Kang enteni sedhela kang aku melu!", yu Surti bengok lirih nusul bojone. Sakloron wiwit makarya, kang Bejo maculi sawah dene yu Surti njabuti suket diklumpukake nuli dibuwang.
Sahektar sawahe pak Lurah digarap wong loro sing dadi bageane kang Bejo lan bojone. Dene kadang tani liyane oleh garapan ing pathokan sawahe pak Lurah liyane.
Mangkono pendhak dinane kang Bejo lan yu Surti ngayahi kanthi temen sinambi ura-ura kairing ocehane manuk prenjak lan swarane jangkrik. Wanci sadurunge luhur leren olehe ngopeni sawah, kang Bejo lan yu Surti mlaku menyang sapinggire gubug mau saprelu reresik ing belik sing banyune wening.
Banjur wong loro wiwit mbukak bontotan sangu mangan lelawuhan jangan lodheh kekancan tempe bacem, gereh lan sambel.
Yu Surti celathu, "Enak ra kang masakane?".
"Wahh wuenak banget olah-olahanmu, begja lan muji sokur ya Gusti tansah paring rejeki bisa mangan saben dinane", wangsulane kang Bejo mesem.
Rampung mangan kang Bejo udud bako klobot sing wus dilinting, yu Surti asah-asah ing belik.
Kurang luwih sajaman bali garap sawah maneh, yu Surti sinambi luru keyong entuk sacething dene kang Bejo mbaleni macul. Para kadang tani nunggal sadesa iya padha sengkut nyambut gawe ngrampungake garapan bageane dhewe-dhewe.
Kira-kira ngancik jam papatan sore wayahe asar para kadang tani padha bubaran, samono uga kang Bejo lan yu Surti mulih kanthi rasa tentrem.
Ya kaya mangkono gegambaran urip sarwa prasaja ing padesan adoh saka sumpeke keluk lan gumrebege tetumpakan.
Esem-esem sumeh lan semanak sapa-aruh sadawane dalan wiwit pojok kidul nganti lurung cedhak kali.
Kabeh isih asring gojeg jejagongan manyedulur guyub rukun gotong royong.
JM, bangun esuk, 16226
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar