NYADHONG PANUNTUN GUSTI -kidung panyuwun-
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1A3MytSjhJ/
Gusti, tinuntuna jangkah kawula dunung twin eneraken lampah kawula.
Gusti kapimpina gesang kawula ing margi ingkang padhang terwaca.
Gusti, sampun ngantos negakaken kawula dhawah ing tumindak dleya
amung dhateng Paduka kawula aturaken samudaya lampahing gesang kawula.
Gusti, lamun kawula kablenggu ing dosa
kepareng namung asta Paduka kang ngentasaken kawula.
Gusti, keparenga ngrumentahaken Sih Palimirma
amaringaken pangaksama sakathahing dosa kalepatan kawula.
Awit Paduka ingkang kagungan kratoning swarga, wasesa
saha Kamulyan salaminya.
Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, parak enjing, 28225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar