GUMUNGGUNG kang SINAMUN [ebun esuk]
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1A4QwRZXZc/
Ana priya lagi medhayoh ing omahe pimpinane kantor, gumun lan kaget nalika meruhi sang pimpinan (ketua) lagi ngepel lan nyikat dhewe jogan omahe.
Si priya iku takon : "Pak ketua nembe punapa ta panjenengan kok ngepel piyambak?"
Pak ketua karo mesem mangsuli : "Iki mau bar ketamon ana sing mbutuhake pitutur. Akeh pitutur sing migunani."
"Nanging, saungkure tamu, aku kok njur rumangsa dadi wong hebat ya, krasa umuk utawa gumunggungku metu."
Pak ketua mbacutake : "Mulane, aku njur nandangi dhewe ngepel kanggo ngilangi utawa nylamur rasa kumenthus utawa gumedheku mau."
GUMEDHE/GUMUNGGUNG iku mujudake LELARAN ATI kang kerep dumadi ing kita manungsa. Sapa bae lan apa iku drajade, masarakat lumrah utawa bisa uga TOKOH AGAMA kadunungan lelaran gumedhe mau.
Malah ing kalangan PANGKOTBAH uga, winih-winih rasa kumenthus/gumunggung kerep metu datan karumangsani.
Peprincen rasa kumenthus, gumedhe, gumunggung, umuk lan sajinise bisa diperang :
Ing tataran 1 (sepisan)
Gumedhe/umuk jalaran BANDHA KASUGIHAN, ing kene kita rumangsa :
~luwih sugih, luwih kwasa, luwih dhuwur pangkat drajade, luwih bagus/ayu, luwih kinajenan katandhing wong liya.
Ing tataran 2 (kapindho)
Gumedhe/umuk jalaran KAELMUAN, KACERDHASAN, KETRAMPILAN, ing kene kita rumangsa :
~luwih sregep, luwih pinter, luwih duwe kapentingan, luwih pangalaman, luwih jembar elmune katandhing wong liya.
Ing tataran kaping-3 :
Gumedhe/umuk jalaran bab KABECIKAN, ing kene kerepe nganggep kita :
~luwih luhur, luwih loma, luwih akeh amal-e, luwih sregep ngibadah, luwih akeh pambiyantune mring umat, luwih gedhe apa kang digayuh, luwih tulus katandhing wong liya.
Sing dadi kawigaten..., sangsaya dhuwur tataran gumunggung kita, sangsaya angel nitik ing sadurunge.
UMUK marga BANDHA KASUGIHAN gampang katitik utawa dikenali.
Ananging,
UMUK marga KAELMUAN, apa maneh gumedhe marga bab KABECIKAN, angel dikenali/katitik merga racake awujud winih-winih alus jroning mata-batin kita.
Coba pendhak dina kita tumungkul nitipriksa dhiri. Kadhang kita butuh pangemutane (kritikan) wong liya.
Lamun kita sarujuk, mangga kita ngrumangsani dene saben bab kang becik kang bisa kita tandangi, iku kabeh mung jalaran saka keparenge lan pitulungane Gusti Kang Kagungan Gesang. Mulane prayoga kita tansah konjuk puji sokur marang Panjenengane, dene iku kabeh mujudake Kanugrahane Gusti kang Agung!
Aja gumunggung merga sugih lan kalungguhane, aja gumeter merga sarwa kekurangan. Eling dene kita iku tamu ing ngalam donya iki, ing titi wancine kita bali ing alam kelanggengan, dene kabeh kang kita darbeki iku titipane Gusti sawanci-wanci bakal kapundhut.
Amung siji kang kita duweni, dudu silihan, yaiku IMAN & SOLAH TINGKAH kang prelu kita rumeksa sajroning urip ing ngalam donya iki.
Rahayu sagung dumadi
Gusti amberkahi...., Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏
JM, pajar sidik, 18225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar